Sataun Luwih Waspada, Saiki Gunung Slamet Statusé Wis Normal Maning

Konten Media Partner
10 Oktober 2020 17:26 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Gunung Slamet. (Foto: Syaifullah)
zoom-in-whitePerbesar
Gunung Slamet. (Foto: Syaifullah)
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Statusé Gunung Slamet akhiré mudun seka level waspada (Level II) dadi dadi normal (Level I), kepetung sajegé dina Jemuah (9/10/2020). Muduné status kiyé merga tingkat aktivitas Gunung Slamet dinilé wis ngalami mudun sing ketara.
ADVERTISEMENT
Kepala Pos Pengamatan Gunung Api (PGA) Gunung Slamet, Desa Gambuhan, Kecamatan Pulosari, Kabupatén Pemalang, Muhammad Rusdi, ngiyakna ari status Gunung Slamet mudun seka level waspada dadi normal.
"Surat seka Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG) wis dhéwék trima lan kepetung sajegé jam rolas awan dina Jemuah (9/10) status Gunung Slamet wis mudun dadi level normal," jaréné.
Muduné status Gunung Slamet kiyé, jaré Rusdi, nganggo dasar pengamatan visual lan instrumental. Pengamatan visual kepétung sajegé tanggal 1 nganti 9 Oktober, nganggo cara umum cuaca cerah nganti ketutup kabut lan udan.
Saliyané kuwé, kebul kawah utama warnanan putih karo intensitas tipis nganti kandel lan dhuwur sekitar 25 nganti 50 meter seka pucuké gunung. Lah, nek nggo pengamatan instrumental, kegempaan sing kerekam sajegé 1 nganti 9 Oktober mudun.
ADVERTISEMENT
"Dadi nggo kegempaan kerekam 301 lindu hembusan lan ping 3 lindu tektonik adoh. Lah, nek lawasé priode 1 anjog 30 September, kerekam ping 1211 lindu hembusan lan ping 14 gempat tekntonik adoh," jaréné
Senajan statusé wis normal, PVMBG tetep menging warga aktivitas nang radius 1 kilometer seka kawah pucukéng gunung. Saliyané kuwé, Gunung Slamet uga ésih nduwéni potensi bahaya sing ndean kedadén.
Potensiné yakuwé kedadéné érupsi freatik ora dipéloni gejala vulkanik sing jelas, dipéloni lontaran material pijar sing ancamané nang sekitar pucuk.
"Érupsi freatik lan udan awu nang sekitar kawah duwé potensi kedadén ora dipéloni anané gejala vulkanik sing ketara. Potensi kedadéné lahar bisa asalé sekw endapan awu utawa material érupsi lan curah udan dhuwur," jelasé.
ADVERTISEMENT
Dingerténi, Gunung Slamet sing dhuwuré 3.432 mdpl kiye nganggo cara administratif manjing maring 5 wilayah, yakuwé Kabupatén Pemalang, Purbalinga, Banyumas, Kabupatén Tegal lan Kabupatén Brebes. Tingkat aktivitas Gunung Slamet level normal sajegé tanggal 9 September 2015.
Aktivitas vulkanik pol-polan kedadén nang wulan Maret nganti Agustus 2014, rupané munggahé aktivitas dikintili érupsi ngasilna material awu lan lontaran material pijar nang sekitar kawah (Tipe strombolian).
Latané, nang tanggal 9 Agustus 2019, tingkat aktivitas Gunung Slamet dianjatna seka level normal dadi level waspada sawisé anané peningkatan aktivitas nganggo cara kegempaan lan deformasi sing rada ketara. Tapi nganggo cara visual durung teramati anané gejala érupsi. (*)