news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Satpol PP Brebes Nyiduk Puluhan Pasangan sing Ora Resmi Sadurungé Wulan Puasa

Konten Media Partner
2 April 2022 20:41 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Kabupaten Brebes mengamankan 42 orang bukan suami istri saat operasi penyakit masyarakat menjelang Ramadan.
zoom-in-whitePerbesar
Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Kabupaten Brebes mengamankan 42 orang bukan suami istri saat operasi penyakit masyarakat menjelang Ramadan.
ADVERTISEMENT
BREBES – 42 wong sing dudu pasangan resmi diciduk Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Kabupatén Brebes. Oprasi penyakit masarakat sadurungé wulan Puasa kuwe dilakoni nang hotél melati lan tempat sing dinyana dadi lokalisasi prostitusi ilégal, dina Kemis (31/3/2022) bengi ngantikan dina Jemuah (1/4/2022) ésuk.
ADVERTISEMENT
Kepala Seksi (Kasi) Penegakan Perda Satpol PP Kabupatén Brebes, Prasida Kurniawan, ngomong razia dilakoni nang Kecamatan Kersana, Kecamatan Losari lan Kecamatan Bulakamba. Seka puluhan wong sing diamana kuwé, akéhé pasangan ora resmi.
"Razia kiyé pancén yakuwé kegiatan rutin Satpol PP. Saliyané nggo mriksa pasangan lanang-wadon ora resmi, razia uga dilakoni nggo ngindari beredaré banyu sétan," jaréné.
Nggo pasangan ora resmi sing kena razia, Satpol PP njaluk keterangan ketulis rupané surat pernyataan nggo ora mbaléni maning. Saliyané kuwé, Satpol PP uga nglakoni pembinaan maring dhéwéké.
"Kegiatan razia kaya kiyé dilakoni nggo mékena éfék jera utawa kapok," jaré Prasida Kurniawan.
Dhéwéké sing kena razia, nglanggar Perda Kabupatén Brebes Nomer 1 Taun 2015 ngenani Ketentraman dan Ketertiban Umum. "Angger mbaléni pan diwéin sanksi Tipiring utawa Tindak Pidana Ringan," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Informasi sing ditampa, seka puluhan pasangan sing kena razia, ana pasangan ora resmi mbah-mbah umuré 70 taun karo wong lanang sing umuré 28 taun. Neng adepan petugas Satpol PP, dhéwéké ngaku tarokan.
Satpol PP, jaréné, pan luwih inténsif nglakoni kegiatan razia lan nyusuri panggonan-panggonan sing rawan didadékna tempat prostitusi wayah puasa.
"Kiyé yakuwé kegiatan rutiné dhéwék. Apamaning kiyé mareki wulan suci Ramadan, dhéwék pan selot inténsif nglakoni razia tempat rawan prostitusi lan beredaré banyu sétan," tegasé. (*)