Sempet Buron, Wong Lanang nang Tegal sing Maténi Bojoné Akhiré Ninggal

Konten Media Partner
27 November 2021 21:32 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Trisno alias Slamet (35), wong lanang sing maténi bojoné dhéwék, Masrukha, nang Désa Dukuhjati Wetan, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupatén Tegal akhiré ninggal,
zoom-in-whitePerbesar
Trisno alias Slamet (35), wong lanang sing maténi bojoné dhéwék, Masrukha, nang Désa Dukuhjati Wetan, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupatén Tegal akhiré ninggal,
ADVERTISEMENT
TEGAL — Trisno alias Slamet (35), wong lanang sing maténi bojoné dhéwék, Masrukha, nang Désa Dukuhjati Wetan, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupatén Tegal akhiré ninggal, dina Jemuah (26/11/2021). Dhéwéké nacak bunuh diri wayah pan dicekel polisi.
ADVERTISEMENT
Tersangka ninggal dunya nang RSUD dr Soesilo Slawi wayah ditangani médis merga luka sing temenanan nang gulu lan dada.
Wakil Diréktur Pelayanan RSUD Soesilo Slawi, dr Titis Cahyaningsih MMR wayah dikonfirmasi ngiyakna kabar kuwé. Pasién atas nama Trisno ninggal dunya sekitar jam wolu ésuk.
"Sekitar jam loro ésuk pasien teka, karo kondisi wis madan ora sadar lan diater daning polisi," jaréné.
Sawisé dipriksa luwih lanjut daning dokter jaga, Titis nglanjutna, pasién ana luka nang gulu lan dada. Latané pas kuwé dipriksa wis syok utawa ténsiné mudun ngantikan mudun kesadarané.
Saliyané kuwé, ana luka sing ngenani saluran pernafasan lan nglarani rongga dada. Mugané kedadén pendarahan nang rongga dada.
Latané dokter bedah uga nglakoni tindakan lan getih wis ditokna. Tapi keadaan secara umum pasién kurang apik. Hal kuwé merga pendaharan sing semadan akéh.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék wis lakoni upaya upaya sesuai standar médis. Tapi pasién ora bisa ketulung sekitar jam wolu ésuk. Lukané rapi. Angger rapi kuwé biasané luka benda landep," jelasé.
Sadurungé, tersangka sempet buron sasuwéné limang dina sawisé nunjleb dada lan guluné bojoné dhéwék nganti mati, dina Minggu 21 Novémber 2021. Lubar maténi korban, tersangka langsung kabur.
Kasat Reskrim Polres Tegal AKP I Dewa Gede Ditya wayah dikonfirmasi ngomong, penangkepan kuwé dilakoni sawisé polisi ngerténi posisiné tersangka.
"Sadurungé dhéwék wis ngarti posisiné tersangka ana nang umahé batiré. Dhéwék langsung tangkep," jaréné.
Dingerténi, tersangka nganggo pit onthel sing dicolong daning dhéwéké nang daérah Balamoa, Kecamatan Pangkah nggo lunga maring umah batiré.
Sadurungé disergap, tersangka jebulé ngarti ketekanan tim Satereskrim Polres Tegal. Dhéwéké ya mlayu manjing maring njero umah. Malah sempet pan bunuh diri karo nunjleb gulu lan dadané nganggo lading.
ADVERTISEMENT
"Pas kuwé dhéwék singkirna disit ladingé, nembé dhéwék amana. Barang kaya kuwé, tersangka dhéwék gawa maring RSUD dr Soesilo Slawi. Tersangka ngalami luka temenanan nang gulu lan dada gara-gara tunjleban lading sing dilakoni dhéwéké," jaréné.