Sidak Supermarket nang Brebes, Petugas Nemukna Lenga Klentik Numpuk nang Gudang

Konten Media Partner
18 Februari 2022 21:01 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas  numekna dus lenga klentik numpuk nang gudang, padahal rak tempat lenga klentik wis pan enték. (dok panturapost.com)
zoom-in-whitePerbesar
Petugas numekna dus lenga klentik numpuk nang gudang, padahal rak tempat lenga klentik wis pan enték. (dok panturapost.com)
ADVERTISEMENT
BREBES - Nggo nanggepi keluhané masarakat kekait arangé lengka klentik, Dinas Koperasi Usaha Mikro dan Perdagangan (Dinkopumdag) Kabupatén Brebes nglakoni inspéksi mendadak utawa sidak maring supermarkét, minimarkét lan pasar, dina Kemis (17/2/2022).
ADVERTISEMENT
Sasaran sing di sidak neng antarané, Supermarket Yogya Mall, Aneka, Pasar Induk lan ana pirang minimarkét liyané. Neng sidak kuwé, Dinkopumdag njaluk manajemen Yogya Mall ora nimbun lenga klentik. Rak-rak tempat lenga klentik kudu gagiyan diisi angger stoké ésih ana.
Pas lagi sidak nang Yogya Mall, petugas ya numekna dus lenga klentik numpuk nang gudang, padahal rak tempat lenga klentik wis pan enték.
"Mau nyong njaluk maring manajemen Yogya Mall ébén nang rak aja kosih kopong. Dhéwék sidak maring gudang jebulé ésih ana stok tumpukan dus lenga klentik sing durung dipasarna," jaré Kepala Dinkopumdag Brebes, Zaenudin, pas sidak.
Saliyané sidak nang supermarket lan minimarket, pihaké uga nglakoni sidak lenga klentik nang pasar-pasar. Pihaké ngileng stok lenga klentik nang tengahéng masarakat, ébén aja kosih arang. Dhéwéké njaluk maring bakul-bakul lenga klentik ébén gagiyan njaluk stok maring suplier, angger wis enték.
ADVERTISEMENT
"Intiné pemréntah tetep nglakoni pengawasan kaya kiyé. Dhéwék uga njaluk masarakat ora ringsang karo mborong lenga klentik. Angger ora ringsang, nyong kira kiyé bisa dikendalikna," jelasé.
Sementara kuwé, pihak manajemen Yogya Mall Brebes, Natalia, ngomong rega lenga klentik nang Yogya Mall Brebes tetep ngacu nang anjuran pemréntah. Khususé nggo lenga klentik sing kemasan.
Dhéwéké ngaku nang Yogya Mall kiyé, lenga klentik didol karo rega nang ngingsor Rp 14 éwu per liter. Pihaké uga méloni aturan pemréntah ébén mbatesi wong sing tuku lenga klentik maksimal sa wong rong liter.
"Soalé rega écéran paling dhuwur per liter Rp 14 éwu, dhéwék cocogna karo aturan pemréntah kuwé," jaré Natalia. (*)