Taun Kiyé Kabupatén Tegal Pan Mangkatna 508 Calon Kaji

Konten Media Partner
25 Mei 2022 19:41 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi Ibadah Haji (Abdullah_Shakoor/pixabay)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi Ibadah Haji (Abdullah_Shakoor/pixabay)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Sawisé rong taun laka mangkatan kaji gara-gara pageblug Corona, saiki 508 calon haji (Calhaj) Kabupatén Tegal pan dimangkatna maring Arab. Senajan kaya kuwé, calhaj sing dimangkatna umuré ora luwih seka 65 taun lan kudu wis divaksin pepek.
ADVERTISEMENT
Kasi Penyelenggaraan Haji dan Umroh Kementrian Agama (Kemenag) Kabupatén Tegal, Mujjahidin Nurburhan pas dikonfirmasi lagi dina Slasa (24/5/2022) ngomong, nggo taun kiyé soalé ésih pandemi COVID-19, Calhaj sing dimangkatna umuré ora luwih seka 65 taun.
"Dadi kiyé kebijakan seka Kerajaan Arab Saudi, taun kiyé sing kaji umuré ora olih luwih seka 65 taun lan wis divaksin pepek utawa dosis telu," jaréné.
Kekait karo kebijakan umur Calhaj sing mangkatna ora olih luwih seka 65 taun, pihaké uga wis nyosialisasikna maring para Calhaj sing pan dimangkatna taun kiyé.
"Nyong kira para Calhaj uga wis ngarti, soalé soal umur Calhaj sing dimangkatna wis sering dibritakna neng média nasional. Dhéwék ndonga baé, muga-muga kebijakan umur kiyé ora berlanjut," omongé.
ADVERTISEMENT
Jaréné, nggo mangkatan kaji pan dilakokna tanggal 4 Juni 2022 mengko. Mugané kuwé, ana pirang daérah wis nglakoni pirang-pirang persiapan, termasuk prosés konfirmasi molai tanggal 9 — 20 Mei 2022.
Mujjahidin uga nyampékna nggo kuota mangkatan kaji taun kiyé, seka jumlah total 13.776 wong se-Jateng, 508 wong neng antarané seka Kabupatén Tegal.
Kekait jumlah kloter mangkatan Calhaj, Mujjahid ngomong, pihaké ésih ngenténi informasi luwih lanjut seka Kantor Kemenag Wilayah Jateng.
"Dhéwék ngenténi informasi seka provinsi. Tapi angger jumlah Calhajé 508 wong, ndéyan kloter sing kesedia ana 2 kloter," jelasé. (*)