Trek Boks sing Ngangkut Kopi Kemasan Kecelakaan nang Jalingkut Tegal

Konten Media Partner
17 Mei 2022 19:45 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Dus-dusan kopi kemasan sing diangkut trek boks  mluntrah neng pinggir dalan Jalingkut Tegal - Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
Dus-dusan kopi kemasan sing diangkut trek boks mluntrah neng pinggir dalan Jalingkut Tegal - Brebes.
ADVERTISEMENT
KOTA TEGAL — Kecelakaan kedadén nang ruas Jalan Lingkar Utara (Jalingkut) Tegal - Brebes, tepaté nang wilayah Kecamatan Margadana, Kota Tegal, dina Senén (16/5/2022).
ADVERTISEMENT
Trek gandéng sing nomer polisiné S 8887 UP pas lagi mandeg nang jalur kidul disrudug daning trek boks, plat nomer B 9833 KXT, sing nglinter seka arah wétan. Akibaté, muatan kopi bungkus "Kapal Api" sing digawa trek boks kuwé pada mluntrah neng pinggir dalan.
Sempet ana pirang bungkus kopi dijukut daning wong sing nglinter ngantikan akhiré petugasé teka. Kedadénan kuwé ora nganti ana korban jiwa utawané luka. Mung tuna material.
Kasatlantas Polres Tegal Kota AKP Aryanindita Bagas Satwika, pas dikonfirmasi wartawan ngiyakna anané kedadénan kecelakaan lalu lintas kuwé.
"(Bener) dina Senén, 16 Mei 2022 jam lima ésuk. TKP Jalingkut Barat Kecamatan Margadana, Kota Tegal," jaré Bagas, dina Senén.
ADVERTISEMENT
Bagas ngungkapna, mauné, trek gandeng sing plat nomeré S 8887 UP kuwé mandeg neng jalur kidul soalé pélk roda kiwa pecah. Latané disrudug bagian bak mburi sewelah tengené daning trek boks karo plat nomer B 9833 KXT pas lagi mlaku seka arah wétan mengulon.
"Akibaté, boks kuwé kebuka lan muatan kopi kapal api pada mambrah-mambrah. Nggo kedua belah pihak ngalami tuna material," pungkasé Bagas. (*)