Trek Papat Tabrakan nang Alas Roban Kabupaten Batang, Wong Siji Ninggal Dunya

Konten Media Partner
27 Mei 2022 20:42 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Polisi wayah mriksa trek sing tabrakan nang Alas Roban.
zoom-in-whitePerbesar
Polisi wayah mriksa trek sing tabrakan nang Alas Roban.
ADVERTISEMENT
BATANG - Nang Jalan Lingkar Alas Roban, Kecamatan Gringsing, Kabupaten Batang ana tabrakan runtungan, dina Kemis (26/5/2022). Kecelakaan sing nglibatna patang trek kuwé nggawé wong siji ninggal nang lokasi kedadénan.
ADVERTISEMENT
Kasatlantas Polres Batang, AKP Dhayita Daneswari pas dikonfirmasi ngiyakna anané kecelakaan lalu lintas. Tapi nganti saiki pihaké ésih nylidiki penyebab pasti kecelakaan kuwé.
"Iya bener ana kecelakaan lan ngakibatna sa wong ninggal. Tapi dhéwék ésih nglakoni pendalaman nggo ngarténi kronologi kedadénané," jaréné.
Seka data nang lapangan, kecelakaan runtungan sing nglibatna patang trek gedhé kiyé sekitar jam tengah sewelas awan. Kecelakaan asalé pas trek trailer Hino nomer polisi N 9230 sing dijalakna Eko Redi Raswanto (34) nggawa baja lan mangkat seka Cilegon nuju maring Surabaya.
Pas nglinter nang lokasi kedadénan, trek trailer kuwé ngalami rém blong nganti akhiré nabrak trek boks nomer polisi B 9940 BXS muatan beras sing ana nang ngarepé. Lubar nabrak, trek boks ya kesurung lan kebalang ngantikan manjing jalur lawan arah lan ngantem trek liyané sing mlayu seka arah ngarep utawa arah wetan. Sementara kuwé, trek trailer sing ngalami rém blong terus mlayu ngantikan akhiré mandeg lubar nabrak trek boks liyané seka arah wetan.
ADVERTISEMENT
Pas kedadénan, kenét trek trailer mauné usaha nylametna seka kecelakaan kuwé karo cara mlempat metu seka njero trek, tapi malah akhiré ninggal merga awaké ketlindes ban trek trailer.
Kenét trek sing dingerténi arané Santo (34) warga Probolinggo, Jawa Timur kiyé ya akhiré diévakuasi petugas. Jenazahé digawa maring RSI Muhammadiyah Weleri Kendal.
Gara-gara kedadénan kuwé, trek trailer lan trek boks ringsek prosés évakuasi rong kendaraan kuwé rada suwé. Sementara, patang supir trek dilaporna slamet lan mung ngalami luka ringan.
Kecelakaan kuwé uga ngakibatna jalan lingkar Alas Roban macét total lan dialihna maring jalur Pantura Daendels. Neng njero vidio amatir, supir trek tailer, Santo kuwé ngaku rém angin trek sing dijalakna enték pas lagi nglinter nang tikungan Jalan Lingkar Alas Roban.
ADVERTISEMENT
"Krasa angin (rém) enték pas tikungan kuwé. Nyong dhéwék kéder pan anjatna hand rém kuwé, gigi ésih manjing telu," ungkapé Eko neng vidio amatir sing nyebar. (*)