Tuku HaPé Nganggo Duwit Palsu, Wong Pemalang Dicekel Polisi

Konten Media Partner
7 November 2021 19:49 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tersangka Sugiono ngaku olih duwit palsu kuwé diwéin batiré.
zoom-in-whitePerbesar
Tersangka Sugiono ngaku olih duwit palsu kuwé diwéin batiré.
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Sugiono (42) warga Kecamatan Belik, Kabupatén Pemalang dicekel jajaran Satreskrim Polres Pemalang gara-gara konangan tuku HaPé ngganggo duwit palsu saregan Rp 1,1 juta. Modusé, tersangka dimaha nggunakna sistem COD wayah transaksi nggo mbodoni korbané.
ADVERTISEMENT
Kapolres Pemalang, AKBP Ari Wibowo wayah nganakna press release, dina Jemuah (5/11/2021) ngomong, duwit palsu sing dienggo tersangka nggo tuku Hp yakuwé pecahan satus éwu seakéh sewelas lembar
"Terungkapé kasus kiyé, sawisé korban sing arané David Sugiono nganggo duwit kuwé nggo tuku HaPé maning, soalé dhéwéké ora ngarti duwit sing ditampa yakuwé duwit palsu," omongé.
Ora mung David, warga liyané, yakuwé Saeful (saksi neng kasus David) uga dadi korban tersangka. Tapi soalé ngarti duwit kuwé yakuwé palsu, Saeful ya ngejak David nggo ketemu sing kala-kaléen sepakat nglaporna kedadénan kuwé maring polisi.
"Tersangka dhéwék ditangkep nang umahé. Barang bukti rupané duwit palsu pecahan satus éwu seakéh 31 lembar uga diamanna," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, tersangka Sugiono wayah press release ngaku olih duwit palsu kuwé diwéin batiré. Daning batiré, tersangka dikongkon nggo mbelanjakna duwit palsu kuwé nggo tuku HaPé.
"Dinéin batir, jaréné duwité apik. Soalé nyong butuh, duwit kuwé nyong trima lan langsung dienggo nggo tuku HP. Tapi malah kecekel," jaréné.
Wayah nganakna press release, uga ditekani seka Kantor Cabang Bank Indonesia (BI) Tegal. Neng kesempatan kuwé, Deputi Kepala Perwakilan BI Tegal, Dody Nugraha ngomong, sajegé kurun waktu taun 2019 nganti 2020, nang wilayah éks -Karesidenan Pekalongan kecatet perédaran duwit palsu ningkat segedhé 27% sing sadurungé 5.246 Bilyet dadi 7.024 Bilyet. Neng taun 2021 data nudukna perédaran duwit palsu segedhé 884 Bilyet. Kedadén mudun segedhé 87% seka taun sadurungé neng taun 2020 segedhé 7.024 Bilyet.
ADVERTISEMENT
"Kiyé soalé kebijakan pemréntah ngenani Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masarakat (PPKM) nang masarakat. Masarakat rada nglakoni transaksi nganggo cara Non-Tunai neng kegiatan sadina-dinané," jaréné. (*)