Warga Tegal Lembur Telung Dina Telung Mbengi Nggawé Bendéra Indonésia Dawané Por

Konten Media Partner
15 Agustus 2021 19:59 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Masyarakat Desa Pegirikan, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal, mbentangna bendera merah putih sing dawane 655 meter. (Foto: Syaifullah)
zoom-in-whitePerbesar
Masyarakat Desa Pegirikan, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal, mbentangna bendera merah putih sing dawane 655 meter. (Foto: Syaifullah)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Wong-wong nang Désa Pegirikan, Kecamatan Talang, Kabupatén Tegal, njémbréngna bendéra abang putih dawané por. Bendéra sing dawané 655 méter kuwé dipasang nang ngarep puluhan umah warga sing ana nang RT 28 RW 7.
ADVERTISEMENT
Ketua RT 28, RW 7, Priyo Amojo, ngomong bendéra sing asalé seka swadaya masarakat kuwé sadurungé direncanakna nggo lomba-lomba ramékna HUT RI sing ke 76 taun. Tapi merga ésih pageblug, anggaran kuwé dienggo nggo tuku bendéra dawa.
"Mauné tah anggarané pan nggo ngadakna lomba-lomba nggo ramékna HUT RI ke 76 taun. Tapi merga ésih pageblug, lan nyegah anané Corona, anggaran kuwé latané nggo masang bendéra," jaréné, dina Kemis (12/8/2021).
Bendéra wis molai dipasang sajegé dina Rebo (11/8) daning puluhan warga sing pada remojongan utawa gotong royong. Nggawé bendéra kiyé, Priyo nglanjutna, dijait daning telung wong wing lembur sasuwénéng telung dina telung bengi. Nggo prosés njait bendéra dhéwék mbutuhna 2,5 rol bahan warnanan abang lan 2,5 rol bahan warnanan putih.
ADVERTISEMENT
Nggo ongkosé ngentékna duwit sekitar rong juta. Duwit kuwé kekumpul seka urunan wulanan warga segedhé sepuluh éwu per KK lawasé sa taun. "Ya senajan laka lomba-lomba, muga-muga dipasanginé bendera dawa kiyé tetep mékena semangat wayah ramékna hari kemerdekaan," jaréné. (*)