news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Wedi Ana Razia, Atusan Kendaraan Menuju Jakarta pada Mandeg nang Pinggir Dalan

Konten Media Partner
31 Mei 2020 21:04 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wedi Ana Razia, Atusan Kendaraan  Menuju Jakarta pada Mandeg nang Pinggir Dalan
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
BREBES – Tim gabungan seka Satlantas Polres Brebes, Dishub, Satpol-PP lan Dinas Kesehatan Kabupaten Brebes, nganakna razia kendaraan sing pan maring Jakarta. Pemeriksaan lan penyekatan kendaraan arus balik kiye dilakoni nang check point Kecipir, Kecamatan Losari Kabupaten Brebes, wayah Jemuah bengi (29/5) nganti Saptu esuk (30/5).
ADVERTISEMENT
Bengi kuwe atusan kendaraan arus balik sing pan maring Jakarta kudu parkir nang pinggir dalan. Kendaraan kuwe pada mandeg merga ngenteni oprasi penyekatan rampung, soale ora pada mepeki Surat Ijin Keluar Masuk (SIKM).
Pantauan PanturaPost.com, jalur pantura ruas arah Jakarta kedeleng rame. Awit perbatesan Tegal-Brebes nganti Losari akeh pemudik sing nglakoni arus balik. Tapi, wong-wong kuwe kudu mandeg nang check point Kecipir nggo dilakoni pemeriksaan. Nang kene akeh kendaraan sing kudu balik maning gara-gara SIKM-e ora ora pepek.
Weruh akeh nemen sing pada balik maning, kendaraan nang mburine sing krasa ora mepeki surat-surat, pada wedi lan kepaksa kudu parkir nang pinggir dalan karo ngenteni penyekatan lubar. Ana atusan kendaraan mbuh motor utawane mobil. Molai seka mobil pribadi nganti jasa travel, kendaraan kuwe ngawe penuh pinggiran dalan pantura, kurang luwih 500 meter sadurunge check point.
ADVERTISEMENT
Salah siji pengendara sing arane Rosa (43) seka Solo sing pan maring Tangerang ngungkapna ari deweke bareng karo kluwargane kepaksa mandeg disit soale nang ngarep ana penyekatan.
"Angger nyong pepek, mung penumpang sing liya ana sing ora duwe SIKM dadi kepaksa ngetem dingin bae timbang kon balik maning. Solo adoh pak," ungkape.
Petugas mriksa terus laka mandege
Kepala Pos Pantau Kecipir, Ipda Susilo ngomong, bengi kuwe pancen arus balik lumayan rame. Jajarane terus nglakoni penyekatan lan pemeriksaan kelengkapan SIKM sesuai aturan guna nugel mata rante nyebare COVID-19.
"Bengi kiye wis atusan sing dipriksa mbuh kuwe tah motor utawane mobil. Sing kon balik maning sementara ana 70-an kendaraan," jare Susilo.
Nggo ngakali akehe kendaraan sing pada ngenteni penyekatan lubar, tim gabungan ora mandeg-mandeg lan tetep terus nglakoni pemeriksaan. Malah, bengi kuwe lumayan akeh petugas sing diudunna.
ADVERTISEMENT
"Nyong ngarti kuwe nang mburi akeh sing ngenteni kiye (penyekatan) rampung, tapi dhewek tetep terus lanjut laka mandege," omonge Susilo.
Merga weruh kendaraan-kendaraan kuwe ajeg esih bae ora jalan. Petugas akhire jukut langkah nggo marani wong-wong kuwe lan ngecek siji-siji lengkap apa ora SIKM-e.
"Wong-wong sing pada ngenteni, dhewek tekani lan dhewek priksa, angger ora pepek bakale wong-wong kuwe kongkon balik maning. Dadi kabeh kendaraan laka sing lolos seka pemeriksaane petugas," pungkase Susilo. (panji bachtiar)
------------------
(Simak panduan lengkap corona di Pusat Informasi Corona)
Yuk! bantu donasi atasi dampak corona.