Welasan Ewu Arsip Déké Pemkab Brebes Diobong Merga Wis Laka Gunané

Konten Media Partner
24 Oktober 2020 19:41 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pemkab Brebes musnahna welasan éwu arsip sing wis entek réténsiné utawa laka gunané maning, dina Jemuah (23/10).
zoom-in-whitePerbesar
Pemkab Brebes musnahna welasan éwu arsip sing wis entek réténsiné utawa laka gunané maning, dina Jemuah (23/10).
ADVERTISEMENT
BREBES — Pemkab Brebes musnahna welasan éwu arsip sing wis entek réténsiné utawa laka gunané maning, dina Jemuah (23/10). Nganggo dasar data seka lewat Badan Pengelolaan Pendapatan Keuangan Aset Daerah (BPPKAD), arsip sing diobong tekan 15.525 woh.
ADVERTISEMENT
Kasubag Umum dan Kepegawaian BPPKAD Isma Nurfea Hardini ngomong, arsip kuwé dimusnahna karo cara diobong. Jéréné, arsip sing diobong uga sing nduweni Jarak Retensi Aktip (JRA) mang taun.
"Sesuai karo ketentuan ana loro cara musnahna arsip sing wis entek rétensiné. Bisa diobong utawa dicacag, tapi dhéwék (BPPKAD Brebes) milih nggo diobong," ungkapé.
Saliyané wis enték retensine, jaré Isma, tujuané arsip diobong kuwé nggo ngurangi beban numpuké arsip sing wis ora kekenggo. Dadiné, pas lagi ngelola arsip bisa cepet lan luwih éfésién.
"Dimusnahna karo cara ngobong arsip kiyé uga nggo ngéfésiénsikna tempat sing nggo ndokon arsip, lan gawé gampang pas lagi goleti arsip angger dibutuhna," jaréné.
Pemusnahan welasan éwu arsip disaksikna langsung daning pirang-pirang saksi. Nang antarane, seka Inspektorat, Bagian Hukum Setda Brebes, lan BPPKAD. (*)
ADVERTISEMENT