Wong Brebes Dicekel Polisi Gara-gara Nyebar Hoax Demo PPKM Darurat

Konten Media Partner
20 Juli 2021 19:59 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kasat Réskrim Polrés Brebes AKP Hadi Handoko
zoom-in-whitePerbesar
Kasat Réskrim Polrés Brebes AKP Hadi Handoko
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES — Wong Brebes dicekel Satréskrim Polrés Brebes gara-gara nyebarna informasi hoax anané démo nolak PPKM Darurat nang Alun-alun Brebes, dina Senén (19/7/2021). Pelaku sing huruf ngarepé MK kuwé saiki lagi nglakoni prosés pemeriksaan nang Mapolrés Brebes.
ADVERTISEMENT
Kasat Réskrim Polrés Brebes AKP Hadi Handoko nerangna, kasus kuwé awalé seka nyumulé postingan vidio unjuk rasa karo keterangan 'Situasi Brebes Pada Saat Ini'. Vidio démo kuwé diunggah nang médsos facebook daning akun MK nang dina Minggu (18/7/2021). Padahal pas kuwé nang Alun-alun Brebes laka aksi unjuk rasa.
"Pelaku wis dicekel lan lagi dhéwék priksa luwih lanjut daning penyidik," omongé Hadi Handoko.
Nganggo dasar hasil pemeriksaan tim penyidik, jaréné, vidio unjuk rasa sing diunggah daning pelaku kuwé yakuwé vidio lawas. Yakuwé, vidio unjuk rasa wayah nolak Undang-undang Cipta Kerja nang taun 2020.
Nggo modus sing dilakoni pelaku, dhéwéké nglanjutna, karo ngunggah situasi démo nang taun disit. Tapi, ditambahna keterangan tulisan sing kayongé dadi kedadénan anyar. Saliyané geger nang médsos, unggahan vidio kuwé uga nggawé was-was masarakat lan sing nganggo médsos.
ADVERTISEMENT
"Neng adepan penyidik, pelaku MK ngakoni ari dhéwéké o sing wis ngunggah vidio kuwé. Lan saiki, dhéwék ésih njeroni kasus kiyé. Termasuk motif pelaku wayah ngunggah vidio kuwé maring médsos," ungkapé.
Hadi nerangna, angger pelaku sing ngunggah vidio kuwé, merga dhéwéké krasa kangélan gara-gara anané PPKM Darurat. Mugané, sing duwé sangkutan nggawé postingan kuwé nggo ngejak warga liyané mélu démo nolak anané PPKM Darurat.
Gara-gara kelakuané, pelaku keancem Pasal 15 Undang-undang Nomer 1 taun 1946 ngenani berita goroh, lan bisa diancem ukuman maksimal rong taun penjara.
"Dhéwék ngandani maring masarakat nggo ora ngunggah vidio sing durung karuan saluguné. Aja kepangan informasi hoax sadurungé bener-bener diklarifikasi daning sumber sing jelas," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Neng sisi liya, maring kabéh admin médsos, dhéwéké ngandani ébén nyaring apa ora nglolosna postingan utawa unggahan sing bisa ngakibatna masarakat pada reg.
"Pancén saiki dhéwék lagi nerapna PPKM Darurat, angger nggawé was-was lan berita hoax dibusek baé. Hayuh yuh bareng-bareng nglakoni aturan sing ana. Toli dhéwék ngandani maring masarakat nggo ora nyebarna berita hoax," pungkasé. (*)