news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Wong Lanang nang Pemalang sing Maténi Bojoné Keancem Ukuman 15 Taun Penjara

Konten Media Partner
23 September 2022 20:17 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Sarofudin wayah ditakoni petugas Polres Pemalang.
zoom-in-whitePerbesar
Sarofudin wayah ditakoni petugas Polres Pemalang.
ADVERTISEMENT
PEMALANG - Sarofudin, wong lanang sing tega maténi bojoné dhéwék, DAN (22) nang Désa Tanahbaya, Kecamatan Randudongkal, Pemalang, keancem ukuman penjara 15 taun. Dhéwéké dijerat Pasal 338 Kitab Undang-undang Hukum Pidana (KUHP) soalé wis maténi wong.
ADVERTISEMENT
“Tersangka uga nglakokna tindak pidana kekerasan dalam rumah tangga lan dijerat pasal 44 ayat 3 UU RI No.23 tahun 2004 tentang penghapusan kekerasan dalam rumah tangga,” jaré Kapolres Pemalang AKBP Ari Wibowo, dina Kemis (22/9/2022).
Ari njelaskan, kedadénan tragis kuwé awalé wektu korban njaluk balik maring umah wong tuwané nang Désa Lodaya Kecamatan Randudongkal, soalé ana keperluan nggo live streaming metung aplikasi online.
“Wektu kuwé tersangka pan ngadusi anaké disit. Tapi korban maksa nggo gagiyan balik, lan ngongkon tersangka nggo ngadusi anaké nang umah wong tuwané korban nang Désa Lodaya,” jaré Ari.
Soalé korban terus maksa nggo cepet dijujugna balik maring Désa Lodaya, tersangka ya séwot.
"Latané tersangka njukut lading nang dapur, lan dienggo nggo nunjleb korban. Merga lading dapur kuwé mlengkung, latané tersangka njukut gunting nggo nunjleb korban maning,” jelasé Ari.
ADVERTISEMENT
Sawisé nunjleb, tersangka nuju maring kolam nggo mbersihna awak. “Wektu tersangka nang kolam, warga teka lan langsung ngamana tersangka,” jaré Ari.
Warga latané nglaporna kedadénan kuwé maring Polsek Randudongkal. Sawisé nampa laporan seka masarakat, tim langsung gerak nggo ngamana tersangka Sarofudin lan barang bukti nang TKP. (*)