Wong Lanang nang Pemalang Tegel Mbacok Bojoné sing Lagi Turu, Jaré Merga Cemburu

Konten Media Partner
20 Maret 2021 19:08 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Korban dirawat di rumah sakit usai dibacok suaminya. (Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Korban dirawat di rumah sakit usai dibacok suaminya. (Foto: Istimewa)
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Wong lanang sing huruf ngarepé S (54) seka Désa Muncang, Kecamatan Bodeh, Kabupatén Pemalang, tegel mbacok bojoné sing huruf ngarepé C (48) wayah lagi turu. Aksi kuwé dinyana merga pelaku cemburu.
ADVERTISEMENT
Kapolrés Pemalang, AKBP Ronny Tri Prasetyo ngomong, tersangka nglakoni tindak pidana kekerasan dalam rumah tangga (KDRT) maring bojoné nggunakna bendo. "Pas kuwé korban lagi turu awan nang kamar umahé," jaréné, dina Jemuah (19/3/2021).
Wayah bojoné lagi turu, Ronny nglanjutna, tersangka langsung nyerang korban karo bendo. Malah, bendo sing dienggo tersangka sempet nyangkut kelambu kamaré.
"Sawisé ngenani endasé, korban langsung tangi lan usaha ngrebut bendo sing dicekel tersangka," ungkapé.
Sawisé bisa ngrebut bendo seka tersangka, korban mlayu nyambi sruwangan njaluk tulung maring warga. Latané warga nulungi lan nggawa korban maring Puskesmas Kebandaran. Latané dirujuk maring Rumah Sakit Siaga Médika, Pemalang.
"Saiki kondisi korban wis molai mipil apik, lan lagi nglakoni rawat inep nang Rumah Sakit," omongé
ADVERTISEMENT
Merga kedadénan kuwé, korban ngalami luka nang endas nggon ndhuwur sewelah tengen lan benjut nang nggon gigiré.
"Luka benjut merga korban dikantem daning tersangka, sawisé korban bisa ngrebut bendo sing dicekel daning tersangka," jaréné.
Ronny ngungkapna, Polrés Pemalang wis ngamankna tersangka karo barang buktiné. Dinyana, kedadénan kuwé dilatarbelakangi rasa cemburuné tersangka maring korban. "Saiki tersangka ésih nglakoni pemeriksaan nang unit PPA Sat Réskrim Polrés Pemalang," jelasé.
Gara-gara kelakuané, tersangka dijerat pasal 44 UU RI No. 23 taun 2004, ngenani Penghapusan kekerasan dalam rumah tangga (P. KDRT). Anceman ukumané yakuwé kurungan maksimal 10 taun penjara. (*)