Wong nang Kabupatén Tegal pada Kangelan Banyu Bersih Wayah Mangsa Ketiga

Konten Media Partner
3 Oktober 2020 22:00 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
PMI kabupaten Tegal nyalurna banyu bersih nang desa sing kekeringan. (Foto: Dok. PMI)
zoom-in-whitePerbesar
PMI kabupaten Tegal nyalurna banyu bersih nang desa sing kekeringan. (Foto: Dok. PMI)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Wong-wong nang limang kecamatan sing ana nang Kabupatén Tegal pada kangelan luruh banyu bersih merga dampak seka mangsa ketiga. Nggo ngrewangi warga, Pemrentah Kabupatén Tegala nyiapna 325 tanki banyu bersih nggo disalurna nganggo cara mipil.
ADVERTISEMENT
Bupati Tegal, Umi Azizah lubar ngucali bagi-bagi banyu bersih nang lapangan Pemkab Tegal, dina Jemuah (2/10) ngomong, bantuan 325 tangki banyu bersih kuwé sumberé seka Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD), PMI lan Baznas Kabupatén Tegal.
"Limang kecamatan sing keimbas kekeringan yakuwé Kecamatan Suradadi, Warureja, Jatinegara, Kedungbanteng lan Balapulang. Kekarepané bantuan kiyé bisa ngatasi kekeringan sing ana nang limang désa kuwé," jaréné.
Saliyané kuwé, Umi uga pesen ebén masarakat nggo nglakoni penghijauan karo cara nglakoni gerakan pelestarian lingkungan lewat gerakan nandur wit. Soalé, penghijauan yakuwé cara ringkes ngatasi kekeringan wayah mangsa ketiga.
"Hal kiyé uga bisa dadi upaya dhéwék wayah ngrawat bumi. Gerakan nandur wit kiyé jelasé kudu dioyok-oyok" jaréné.
Sementara kuwé, Kepala Bagian Kesejahteraan Masarakat (Kesra) Setda Kabupatén Tegal Muhtadi ngomong, bantuan 325 tangki asalé seka pirang-pirang instansi. Seka BPBD seakéh 200 tangki, PMI 75 tangki lan Baznas 50 tangki.
ADVERTISEMENT
"Pelepasan nganggo cara simbolis mau sing dilakoni Bupati ana 9 tangki banyu sing pan diedumna nang rong désa yakuwé Désa Kertasari lan Banjaragung Kecamatan Suradadi," ungkapé.
Melu teka nang acara pelepasan kuwé yakuwé Kepala BPBD Kabupatén Tegal Jaenal Dasmin, Ketua Baznas Kabupatén Tegal Akhmad Rofiqi lan Ketua PMI Kabupatén Tegal Imam Sisworo uga perawakilan Polrés lan Kodim 0712/ Tegal. (*)