news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Wong Pekalongan Nemu Ula Dawa Nemen Lagi Glantungan nang Plapon

Konten Media Partner
15 Januari 2022 18:53 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wong Pekalongan nemu ula sanca dawa nemen nang pawon umah, dina Jemuah (14/1/2022).
zoom-in-whitePerbesar
Wong Pekalongan nemu ula sanca dawa nemen nang pawon umah, dina Jemuah (14/1/2022).
ADVERTISEMENT
PEKALONGAN —Wong Pekalongan nemu ula sanca dawa nemen nang pawon umah, dina Jemuah (14/1/2022). Ula kuwé lagi glantungan nang ndhuwur plapon umah nang Kelurahan Kauman, Gang 6, Kecamatan Pekalongan Timur, Kota Pekalongan.
ADVERTISEMENT
"Ula kuwé glantungan nang ndhuwur karo posisi endas nang ngingsor. Langsung nyong metu seka pawon nggo njaluk tulung warga, tapi laka wong. Nyong ya langsung ngebéll njaluk bantuan petugas Damkar," jaré Hilyana (55) wong sing pertama nemu ula kuwé.
Hilya nyana ula kuwé wis manggon nang ndhuwur plapon wis ana telung dinahan. Soalé, dhéwéké sokan krungu suwara brisik nang ndhuwur plapon umahé, dipéloni suwara ndesis ping kopang-kaping. Hilya uga ngungkapna nang umahé ana akéh tikus, mugané ula manjing maring njero umah lan umpetan nang ndhuwur plapon.
"Ya ndéyan nang kéné akéh tikus dadi ula manjing maring umah nggo luruh mangan. Apamaning umahé nyong uga perek karo kali lan jaraké sekitar telungatus méter," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Sawisé olih laporan, petugas Damkar ya teka nang lokasi lan langsung nyekel ula kuwé. Senajan sempet kangélan, ana sekitar setengah jam petugas Damkar akhiré bisa nyekel ula phyton kuwé.
"Alhamdulillah ula akhiré bisa dicekel lan saiki digawa maring Mako Damkar," omongé salah siji petugas Damkar sing arané Yoga.
Ana pirang warga sakoloman uga ngomong wis ping kopang-kaping kélangan ayam ingunané sing dinyana dipangan ula. Kampung batik Kauman senajan rupané pemukiman padat, ana akéh tikus lan perek uga karo Kali Loji. Warga dijaluk terusan njaga kebersihan umah lan waspada, luwih-luwih wayah mangsa rendheng kaya saiki ula sokan nongol. (*)