Wong Pekalongan Nyekel Buaya nang Kali Nganggo Pancing

Konten Media Partner
8 Januari 2022 19:33 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wong Kelurahan Kertoharjo, Kecamatan Pekalongan Selatan, Kota Pekalongan, M. Andi (43) nangkep buaya muara karo nganggo pancing, dina Jemuah (7/1/2022).
zoom-in-whitePerbesar
Wong Kelurahan Kertoharjo, Kecamatan Pekalongan Selatan, Kota Pekalongan, M. Andi (43) nangkep buaya muara karo nganggo pancing, dina Jemuah (7/1/2022).
ADVERTISEMENT
PEKALONGAN — Wong Kelurahan Kertoharjo, Kecamatan Pekalongan Selatan, Kota Pekalongan, M. Andi (43) nangkep buaya muara karo nganggo pancing, dina Jemuah (7/1/2022). Buaya kuwé wis diévakuasi lan digawa maring Polsek Pekalongan Selatan.
ADVERTISEMENT
Andi pancén sengaja nangkep buaya sing sokan nongol nang Kali Kaliupang kuwé karo pancing. Pancing kuwé dipasang lagi dina Kemis (6/1/2022) wingi lan nembé dina Jemuah (7/1/2022) ésuk jam enem buaya kuwé kecekel.
Barang kaya kuwé, Andi ya ngejak batiré, Miftahudin nggo ngréwangi dhéwéké uga nglapor maring Polsek Pekalongan Selatan lan petugas Damkar Kota Pekalongan nggo évakuasi.
Petugas Damkar Kota Pekalongan, Yudha Wijaya, wayah dikonfirmasi ngomong buaya kuwé wis diévakuasi. Nggo sementara, buaya digawa maring Polsek Pekalongan Selatan nggo diwékena maring Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA).
Nurut informasi seka warga, jaré Yudha, buaya kuwé sering nongol lan ngresahna warga. Jaréné, nang kali kuwé ésih ana telung buaya maning.
"Kiyé jenis buaya muara, lan rong taun disit tau nongol. Dawané sekitar 2,5 méter. Nggo jenis kelaminé dhéwék durung ngarti," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Kapolsek Pekalongan Selatan, Kota Pekalongan, Kompol Basuki, ngiyakna saiki nggo sementara buaya diamana nang kantoré nyambi ngenténi petugas seka BKSDA.
"Iya dhéwék amana disit, lan pan dhéwék wékena maring BKSDA," jaréné.
Dhéwéké uga nyampékna, ésih ana loro utawa telu buaya nang kali kuwé. Soalé kuwé, Basuki njaluk maring warga ébén ora adus utawa dolanan nang kali nggo ngadohi hal-hal sing ora dikepéngini.
"Informasi warga lan pantauané dhéwék ésih ana pirang buaya nang kali. Dadi nyong njaluk warga nggo ngati-ati," jelasé. (*)