news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Wong Tani nang Tegal Ngganti Tanduran Pari Dadi Mélon Merga Regané Luwih Larang

Konten Media Partner
26 Juli 2021 15:23 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petani di Desa Batuagung, Kecamatan Balapulang saat memanen buah melom di lahannya. (Foto: Bentar/PanturaPost)
zoom-in-whitePerbesar
Petani di Desa Batuagung, Kecamatan Balapulang saat memanen buah melom di lahannya. (Foto: Bentar/PanturaPost)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Wong tani nang Désa Batuagung, Kecamatan Balapulang, Kabupatén Tegal ngganti tanduran pari dadi buah melon. Usaha kuwé dilakoni nggo ningkatna ékonominé petani, soalé buah-buahan kuwé angger didol regané luwih larang.
ADVERTISEMENT
Salah sijinéng petani, sing arané Bambang, ngaku wis ping telu ngganti tanduran pari dadi buah-buahan lawasé pageblug. Apamaning wayah mangsa ketiga.
"Angger nandur buah nang mangsa ketiga bisa ngasilna, dibandingna nandur pari sing ndéyan pan gagal panén lan regané mesti anjlog," tuturé Bambang maring PanturaPost, dina Saptu (24/7/2021).
Jaréné, nggo ngembangna pertanian buah-buahan ora patia suwé. Jeronéng waktu 70 dina petani buah bisa panén lan jalukan pasar rada dhuwur. Nandur buah-buahan uga bisa ngrubah nyebaré ama, sing mauné akéh ama pari ganti ama mrutu.
"Sadurungé nandur buah, sawah kiyé ditandur bawang, jagung, pari. Saiki buah mélon orén. Kebeneran pasarané buah saiki lagi apik. Kaya mélon orén kiyé akéh sing minat nang wilayah Jakarta," terangé.
ADVERTISEMENT
Jaréné, saiki rega buah mélon orén rada apik lan nguntungna. Rega nang tingkat petani tekan Rp 8.000 sa kiloné. Lah, angger nggo sa buah mélon baé bisa tekan telung kilo.
Karo lahan sawah sekitaréng 3.500 méter kiyé, sa pisan panén buah mélon bisa tekan wolu nganti rolas ton.
"Sasuwénéng 70 dina buah mélon orén wis bisa panén. Nggo saiki dhéwék pan cacak mélon orén panén ping pindo neng sa tanduran. Angger biasané neng sa tanduran mung sa pisan panén."
Nandur mélon orén nang wayah pageblug bisa ningkatna ékonomi. Saliyané kuwé bisa mresepi tenaga nyambut gawé luwih akéh.
"Petani kuwé kudu wani, wani modal, wani keahlian, wani jukut risiko. Bayangna baé, angger nandur pari gagal, petani ruginé cilik. Angger petani nandur buah, pisan gagal ruginé gedhé. Tapi Sawaliké, angger nandur pari nang wayah untung bisa jutanan. Lah, angger buah-buahan nang wayah untung bisa nganti puluhan juta," terangé.
ADVERTISEMENT
Jaréné, lemah sawah sing ana nang Désa Batuagung itungané rada apik. Soalé seka pirang-pirang inovasi pertanian sing wis dicacak kuwé hasil panéné apik.
Dhéwéké terus ngejak petani liya nggo wani nduwéni inovasi neng pertanian. Yakuwé ngganti pola tandur seka pari sawah maring tanduran buah utawa sayuran ébén ékonomi petani dadi luwih apik.
"Lawasé pageblug, rega pari wayah panén regané endep nemen utawa murah. Nandur pari uga perlu nggo stok pangan, lan ékonomi uga perlu nggo kebutuhan urip. Mugané petani kudu wani nduwéni inovasi utawa ngrubah pola tandur," jaréné. (*)