Wong Tegal Bungah, Sregep Nyelengi Runtah Olih Duit Jutanan

Konten Media Partner
4 Mei 2020 21:20 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Saudari Rofi menunjukkan nilai tabungan yang dicairkan Rofi dari Bank Sampah. (*)
zoom-in-whitePerbesar
Saudari Rofi menunjukkan nilai tabungan yang dicairkan Rofi dari Bank Sampah. (*)
ADVERTISEMENT
SLAWI – Wong sing sregep nyelengi utawa nabung kuwe mesti bakal olih untung. Senajan nyelengi runtah, ya ora kalah nguntungna. Saiki, wong nang Tegal saiki lagi pada bungah. Soale lagi tembe olih duit jutanan hasil nyelengi runtah nang Bank Sampah Nurul Hikmah Tuwel, Kecamatan Bojong, Kabupaten Tegal.
ADVERTISEMENT
Kaya Ummu Ilah (75), wong Desa Tuwel Kecamatan Bojong Kabupaten Tegal olih duwit seka celengan sing bank runtah Nurul Hikmah. Deweke sing nyelengi awit wulan Juli 2019 nganti saiki olih tabungan Rp 516.230. "Hasil celengan, pan nyong nganggo nggo kebutuhan sadina-dina," tuture.
Ummu Ilah nyritakna, deweke ngumpulna runtah nang umah lan sekitar lingkungane. Nggal minggu, runtah kuwe ditabungna maring bank runtah Nurul Hikmah.
Hal sing padha diungkapna Rofi (36). Deweke uga dadi nasabah Nurul Hikmah lan taun saiki deweke olih celengan Rp 1.579.150 (Sejuta Limangatus Pitungpuluh Sanga Ewu Satus Seket). "Taun-taun sadurunge, celengane nyong bisa tekan telung juta. Tapi soale rega barang runtah mudun, dadi nyong mung bisa olih setengahe."
ADVERTISEMENT
Bendahara Bank runtah Nurul Hikmah, Umi Atiqoh, maring PanturaPost.com, dina Minggu (3/4/2020) ngomong, ana sekitar sewidak nasabah Bank Runtah Nurul Hikmah sing nyairna celengane. Nominale ya sejen-sejen, tergantung sregep nabung apa ora.
"Nasabah bank runtah saben arep badanan, pan nyairna celengane nggo kebutuhan nang wulan Ramadan lan sadina-dina utawa nggo tuku persiapan nang wayah badanan," ungkape.
Tapi, jare deweke, nang taun kiye krasa sejen soale rega barang runtah sing didol kuwe mudun meh seket persen dewek. Kardus saiki mung sewu perak biasane anjog rong ewu sakilone. Aqua gelas biasane patang ewu saiki paling telung ewu sakilone. Dadi nasabah saiki tabungane rada susut. "Rega mudun soale pengaruh ekonomi lesu gara-gara pandemi corona," jare deweke.
ADVERTISEMENT
Bank runtah Nurul Hikmah kiye wis ngadeg awit taun 2014 lan nganti saiki. Nggo runtah sing bisa dicelengi nang bank runtah antara liya jenis bahan plastik. Kaya timba, gendul, aqua, logam kaya panci bekas, seng kaleng, wesi kabel, gerdus, kertas lan akeh liyane.
"Nasabah dhewek sing ibu-ibu merga sing ngrasakna kebutuhan pawon. Kaya wayah pandemi saiki kiye, sing arane ibu-ibu mesti ngrasakna kondisi pawon umahe. Sawise olih pencairan sing bank runtah ibu-ibu kuwe bisa gemuyu bombong," omonge deweke.
"Dadi ora papa ora olih BLT, sing penting olih tabungan sing runtah. Enggal sa taun nabung runtah lan hasile bisa nggo kebutuhan nang wayah pandemi," jare Umi Atiqoh. (Panji)
****
kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!
ADVERTISEMENT