news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Wong Tegal Kiyé Nekad Nunjleb Tanggané Dhéwék Nganti Mati

Konten Media Partner
18 Desember 2020 21:14 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Amar Faisal (35) wong lanang nang Désa Tegalwangi, Kecamatan Talang, Kabupatén Tegal, kolu nunjleb 2 tanggané dhéwék.
zoom-in-whitePerbesar
Amar Faisal (35) wong lanang nang Désa Tegalwangi, Kecamatan Talang, Kabupatén Tegal, kolu nunjleb 2 tanggané dhéwék.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Amar Faisal (35) wong lanang nang Désa Tegalwangi, Kecamatan Talang, Kabupatén Tegal, kolu nunjleb 2 tanggané dhéwék. Salah siji korban ninggal merga ditunjleb karo blati lan kena nang ulu atiné. Dinyana gara-gara dendam.
ADVERTISEMENT
Mauné, pelaku sing mbené balik nyambut gawe dadi pandé wesi, ketemu korban sing arané Hadiri (40). Ujug-ujug pelaku langsung nyerang korban nganggo petok lan blati. Korban ya ngalami luka nang endasé, dada sewelah kiwa lan weteng sewelah kiwa.
Lubar nyerang Hadiri, pelaku latane lunga lan ketemu karo korban ke loro sing arané Tarjono (47). Korban pas kuwé lagi njagong bareng karo batiré lan nginung kopi nang samping umah. Ujug-ujug pelaku nyerang korban karo blati. Korban ya ninggal soalé ngalami luka tunjleban pas nang ulu atiné.
"Pas kuwé udan barat, lan nyong mbené baé rampung sembayang. Kas sembayang metu, bojoné nyong wis klopot getih lan langsung nyong sikep," omongé Mualimatun (36) bojoné Tarjono.
ADVERTISEMENT
Lubar nyerang korban, Mualimatun nglanjutna, warga langsung ngudag pelaku tapi ora kena. Dhéwéké ya langsung gemboran lan njaluk tulung maring warga. Tapi merga pas kuwé lagi udan, dadi laka warga sing krungu.
"Laka masalah apa apa, weruh-weruh langsung nyerang bojoné nyong. Malah, sadurungé nyerang bojoné nyong, pelaku nyerang tangga sing ora adoh seka umah pelaku," ungkapé.
Saiki, pelaku wis diicekel Satréskrim Polrés Tegal. Seka hasil pemeriksaan petugas, keungkap ari pelaku nekad nyerang merga dendam lawas utawa kuna lecit maring ke loro korban.
"Sementara diperkirakna merga dendam lawas, sekitar telung taunan. Pelaku nganggep, korban pan nyrobot lemahé pelaku," jaré Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP I. Dewa Gede Ditya Krishnanda.
Saliyané nangkep pelaku, polisi uga ngamana barang bukti sing rupané lading blati lan petok. Wayah ditakoni ngenani kejiwaan pelaku, Dewa Gede ngungkapna seadoh kiyé durung nemu anané indikasi pelaku ora waras.
ADVERTISEMENT
"Nganggo dasar fakta nang TKP lan barang bukti sing ditemukna, pelaku nggunakna lading lan petok. Pelaku dijerat pasal 338 lan pasal 351 karo anceman limalas taun penjara," jelasé.
Sementara kuwé, pelaku Amar Faisal ngakoni nekad nganiaya ke loro korban soalé nduwéni dendam pribadi sing wis lawas. Dhéwéké nyerang korban karo petok sing biasa dienggo nggo nggawé lading. "Angger korban pertama, yakuwé Hadiri ésih saduluré nyong, ya sadulur sepupu," ngakuné. (*)