Wong Tegal Nyembeléh Sapi Kurban sing Aboté Nganti 1,2 Ton

Konten Media Partner
22 Juli 2021 17:51 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Sapi kurban di Desa Tembok Kidul, Kecamatan Adiwerna, Kabupaten Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Sapi kurban di Desa Tembok Kidul, Kecamatan Adiwerna, Kabupaten Tegal.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Wong-wong nang RT 17/RW 03 Désa Tembok Kidul, Kecamatan Adiwerna, Kabupatén Tegal nyembeléh sapi kurban sing jenisé simental. Belih tanggung-tanggung, boboté nganti 1,2 ton.
ADVERTISEMENT
Sapi kuwé dituku daning warga desa kono seka Mojokerto, Jawa Timur regane satus juta luwih. Sapiné diangkut maring Tegal nganggo trek fuso.
"Ana 8 sapi lan 10 wedhus sing di kurbanna nang kéné," omongé Ketua Panitia Idul Adha Masjid Jami Al-Haq Désa Témbok Kidul, Topik Hidayat maring PanturaPost, dina Rebo (21/7/2021).
Jaréné, seka 8 sapi kuwé, boboté ana sing 800, 900 kilogram. Sing paling abot boboté nganti 1,2 ton.
Lah, angger nggo rega 8 sapi kuwé neng antarané, sing paling endep kisaran 70 juta lan sing paling larang kisaran 100 juta luwih.
"Seka 8 sapi kuwé regané macem-macem, seka sing paling endép Rp 70 juta nganti sing paling larang kisaran Rp 100 juta luwih," terangé.
ADVERTISEMENT
Prosés kurban sapi lan wedhus nang Idul Adha kiyé wis lawas dilakoni daning warga nggo sistem tabungan kurban. Setoré saben minggu neng jangka sa taun.
"Dadi saben seminggu pisan warga nabung, lan didokon nang bank. Nggo taun kiyé olih tabungan segedhé 440 juta," jaréné.
Sementara kuwé jaré panitia kurban liyané, Opa, prosés kurban sing saiki tetep nganggo protokol keséhatan. Pas lagi nyembeléh kéwan kurban, lawang manjing sing maring lingkungan RT 17/RW 03 ditutup. Warga jaba ora olih manjing, mung wong tertentu tok sing bisa manjing.
Kurban nang taun 2021, jaré Opa, étugane temurun. Angger taun 2020 kuwé ana 9 sapi, taun kiyé mung 8 sapi. Tapiné, seka 8 sapi kiyé boboté luwih abot seka kurban sapi taun wingi.
ADVERTISEMENT
"Dadi senajan taun kiyé jumlah sapiné susut. Tapi hasil dagingé diperkirakna pan luwih akéh seka taun wingi. Soalé abot sapiné lumayan gedhé."
Dhéwéké ngomong, Kéwan kurban sing wis disembeléh dibagikna maring warga sakoloman. Nggo mbagikna daging nang luar désa, diwékena sesuai karo proposal jalukan sing manjing. Ana 60 proposal sing manjing. Proposal siji pan dinéin 30 bungkus daging.
"Neng antarané seka Yayasan, Panti Asuhan, RT, musala sing daerahé laka kurban. Sementara nggo mbagikna kurban, diater maring saben umah," jaréné. (*)