
ADVERTISEMENT
ADVERTISEMENT
Tim Forénsik Polda Jawa Tengah uga wis nglakoni autopsi, nang RSUD dr Soesilo Slawi, dina Kemis (3/3/2022) nggo ngungkap penyebab sing nggawé korban ninggal.
Bojoné korban, Wage (61) nyritakna sadurungé kedadénan. Jaréné, pas dina Rebo ésuk bojoné lunga maring sawah nggo mbresihna suket. Dhéwéké uga lunga maring sawah nggo nyemprot péstisida maring lahan pari. Tapi lokasi korban lan dhéwéké séjén.
"Bojoné mangkat disit, terus nyong. Lokasiné nyong karo bojoné adoh, sekitar rong kilométer," jaréné.
Sawisé jam rolas awan, dhéwéké ya balik maring umah, tapi korban durung balik. Merga ngantikan jam loro awan ora balik-balik. Dhéwéké ya lunga maring sawah nggo mapag korban.
Sedang memuat...
0 01 April 2020
S
Sedang memuat...
"Anjog maring sawah, bojoné nyong wis ngglétak lan wis ninggal," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Dhéwéké ngomong, pas ditemukna kondisiné wis wuda lan ana luka nang bagian awaké. Nang gulu ana luka sayatan kaya digorok karo bendo. Ke loro susu lan alat vitalé uga ilang merga ditugel.
"Iya kuwé ditugel, pas temukna jenazah bojoné nyong, kuwéné wis ilang," omongé.
Kasat Reskrim Polres Tegal, AKP I Dewa Gede Ditya, pas dijaluki konfirmasi ngiyakna ana mayid wong wadon ditemukna. Hasil otopsi ditemukna anané bekas kekerasan nang pirang-pirang bagian awaké korban.
"Dhéwék ésih nglakoni penyelidikan nggo ngungkap kedadénan kuwé," jelasé. (*)