Cerkak: Ing Pojok Sendhang

Konten Media Partner
16 Mei 2020 15:02 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi Patah Hati. Foto: Pixabay
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi Patah Hati. Foto: Pixabay
ADVERTISEMENT
Dhusun kang mapan ing antarane sawah kuwi isih tetep puguh kaya rongpuluh taun kepungkur, nanging wargane akeh kang wis pindhah jalaran ketampa makarya ing njaban kutha. Putrane Pak Rois kang kondhang ayune kuwi mapan ing pondhok pesantren lan bali tilik ngomah menawa kapinujon prei. Halimah nalika sekolah SD dadi kanca rakete Atika, dhasar omahe uga ora adoh mung watara limang meter saka omahe Atika. Bocah loro kuwi saiki wis mekrok dadi kembang desa ing Umbulharjo, Sleman. Halimah mlebu dadi santriwati sawise lulus SMP, lan ora ana wektu kanggo bali kejaba dina prei.
ADVERTISEMENT
Sanajan wis ora dadi siji anggone sekolah nanging Halimah lan Atika ora pedhot anggone kekancan, saben prei bocah loro kuwi mesthi ketemu lan bobok bareng. Apamaneh Atika ora duwe tunggal mula Halimah wis kaya seduliure wadon, saben bali mesthi anggone turu ana ngomahe Atika. Bocah loro mau ora ana kang njangkar menawa ngundang jenenge, Halimah kang luwih tuwa rong taun mesthi ngundhang Dik marang Atika, semono uga Atika mesti nganggo Mbak marang Halimah.
“Dik, aku pengin curhat. Apa sesuk wae awake dhewe mlaku-mlaku ana Sendhang kang ana pojok desa kae,” kandhane Halimah marang Atika.
“Ngapa ora saiki wae, Mbak. Lha Sendhang kae akeh wong apamaneh musim liburan kaya saiki. Mengko malah ora bisa sida crita, piye?” wangsulane Atika sajak kuwatir.
ADVERTISEMENT
“Dik Atika, kelingan wektu aku kelas 3 Madrasah Aliyah. Aku duwe kanca kang saka Tegal jenenge Hasyim jare seneng aku. Wah, aku gela banget sebab wis gawe cuwa marang dheweke, kepara aku sering nglarani atine,” Halimah suarane ana rasa gela.
“Iya mbak, aku kelingan. Trus mas Hasyim kuwi saiki ana ngendi mbak. Biyen kedanan tenan karo mbak Halimah ya. Nanging nasib ya mbak…”, Atika mangsuli Halimah kanthi ukara kang ora diteruske.
Wong loro banjur mlaku reruntungan kaya nalika isih sekolah ana SD wektu semana, Atika kang luwih enom tetep ngajeni sanajan ing strata ekonomi Halimah adoh ana ngisore. Nanging Atika tetep ngormati marang kanca kenthele, Halimah kepengin nyuntak panguneg-unege kang wis puluhan taun dipendhem. Kanca kang dipercaya ora ana liya ya Atika, mulane Halimah methuki Atika kepengin blaka marang apa kang dirasakake.
Informasi selengkapnya klik di sini.
“Wah, Sendhang iki durung owah isih kaya biyen ya, Mbak. Nanging sakiwa tengene katon luwih asri merga akeh kembang pasren kang endah, lan kahanane dadi luwih nengsemake,” kandhane Atika marang Halimah.
ADVERTISEMENT
“Iya dhik, aku dadi kelingan Mas Hasyim. Saben-saben bali sekolah aku diterke tekan pojok Sendhang karo ngulungake layang tresna, bengine banjur tak bukak bareng kowe ta dhik. Sanajan isih SMP, embuh aku wektu semana wis seneng karo priya, Mas Hasyim kuwi cinta pertama ku. Kelingan ora..?” wangsulane Halimah karo ngelingake kahanan kepungkur.
Sanajan sekolah SMP-ne beda sekolahan, nanging Atika karo Halimah tetep rukun pindha mbakyu adhi. Kepara nganti wis padha duwe bojo anggone kekancan tetep rumaket, nanging saiki kahanane seje. Atika wis ningkah, Halimah semono uga. Crita lawas mung dadi cathetan endah kang wis kakubur bareng lelakon pait kang dialami.
Ana lelakon kang mrihatinake kang diadhepi Halimah, kabeh warga dadi seksine. Wongtuwane Halimah pancen ora setuju karo priya kang jeneng Hasyim, jalaran Hasyim dianggep ora bakal bisa jamin uripe Halimah ing tembe urip seneng. Halimah lan Hasyim disidhang lan diwirang-wirangake ing ngarepe tangga teparo, dina kuwi uga Halimah kudu pisah karo Hasyim.
ADVERTISEMENT
“Aja mung dhelikan, nyolong-nyolong ketemu. Dina iki uga kowe kudu ninggalake priya kang ora bakal bisa ngukup uripmu. Aku lan bapakmu nganti tekan kapan wae ora bakal sarujuk, ora bakal menehi restu yen kowe nekad karo priya kuwi,” tembunge Bu Rois ngipati-ipati anake wedok ing plataran omahe kang pancen cedhak tangga sakiwa tengene.
Halimah lan Hasyim mung tumungkul ora ana tembung sakecap saka lathine bocah loro mau. Nanging kanthi nyawang kahanan kuwi kabeh bisa ngrasakake abote Halimah kudu medhot katresnane Hasyim, ninggal salawase kanggo buktekake rasa bektine marang bapak ibune.
Kanthi cekake crita, sawise kedadean kuwi, Halimah lan Hasyim pancen medhot rasa kang sasuwene iki dirakit. Kabeh dadi crita kang tinulis ing awang-awang, wong liya ora bakal bisa maca. Critane Halimah lan Hasyim mung bisa dirasakake ana sajerone dhadhane wong loro, embuh tekan kapan ora ana wong ngerti kang satemene wis ngrerujit atine..
ADVERTISEMENT
Halimah crita akeh bab ‘kenangan manis’ kang dialami bareng Hasyim, sanajan anggone pacaran dhelikan nanging kuwi ‘cinta pertama’ne Halimah kang ora bisa ilang saka atine. Hasyim priya pisanan kang nyenggol tangane, kang ngelus pipine, kang bisa menehi rasa tentrem batine. Hasyim, dientha bakal bisa dadi bojone wektu semana. Jebul garising pesthi beda karo gegayuhan, Hasyim bali menyang desane lan dijodhokake karo prawan pilihane wongtuwane. Halimah uga ora ana bedane, priya anak siji ditinggal mati bojone dadi pilihane bapak ibune Halimah.
“Nanging Sendhang iki nate duwe sejarah kang ora bisa ilang saka uripku dik, Sendang Pojok Desa iki wis bisa gawe tangis bungah lan susahku bareng mas Hasyim. Wektu semana wayah surup, aku bali Pramuka kewengen diterke Mas Hasyim, tekan Sendhang kuwi aku karo mas Hasyim mandheg. Lungguh sawetara wektu, ngrakit pengangen endah kepengin urip bareng. Aku dirangkul, dikekep kebak rasa asih, lan diarasi pasuryanku kaya bakal ora bisa ketemu maneh. Ya sepisan kuwi aku kesenggol priya, pengalaman cinta pertamaku karo mas Hasyim. Pranyata pengalaman kuwi mung sepisan lan pungkasan, Mas Hasyim ora tega blaka karo aku yen satemene wektu kuwi pancen patemonku karo mas Hasyim kang pungkasan,” Halimah crita karo dleweran luhe ora bisa kabendung maneh.
ADVERTISEMENT
Atika ngrangkul pundhake Halimah karo kandha, “Mbak, ing pojok sendhang tresnamu ilang. Nanging kuwi dadi crita kang ora bisa diijoli nganggo crita liyane. Kuwi pengalaman kang aji tumrap mbak Halimah, aku bisa ngrasakake kok mbak. Nanging saiki awake dhewe ora bisa bali ing wektu kawuri, awake dhewe ora bisa muter wektu kang wis lumaku, Mas Hasyim lan mbak Halimah pancen durung jodhone. Mula mbak, ora perlu ditangisi lan digetuni manungsa mono saderma nglakoni. Muga mbak Halimah bagya mulya bareng keluwargane lan mas Hasyim semono uga. Aku, adhimu tetep dedonga muga memitran iki langgeng ya Mbak.” (Tatiek Kalingga)