Disperindag Kota Yogyakarta Ngaji Protokol Jaga Jarak ing Pasar Tradisional

Konten Media Partner
29 Mei 2020 12:46 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi pedagang di pasar tradisional. Foto: Kumparan.
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi pedagang di pasar tradisional. Foto: Kumparan.
ADVERTISEMENT
Nganti saiki, pamerintah isih nyuwun masarakat ngetrapake jaga jarak ing ngendi wae kalebu ing pasar tradisional. Dinas Perindustrian dan Perdagangan Kota Yogyakarta bakal ngaji efektivitas protokol utawa aturan jaga jarak kanggo nyegah panyebaran virus corona.
ADVERTISEMENT
“Protokol jaga jarak sampun kalaksanan wonten ing Peken Beringharjo siring wetan. Pedagang sampun ndamel pembatas saking tali rafia,” ujar Kepala Disperindag Kota Yogyakarta, Dwi Sutono, Jumat (29/5/2020).
Tujuane, tali iki bisa dadi pratanda ben sing blanja lan pedagang bisa jaga jarak. Dwi Sutono ngendika, yen pembatas kuwi digawe saka tali rafia lantaran sifate isih sementara.
Protokol iki sakjane uga bakal ditrapake ing pasar tradhisional liyane. Nanging, kondhisi pasar sing beda-beda ndadekake Disperindag Kota Yogyakarta kudu mikir cara liyane kanggo ngetrapkake protokol jaga jarak iki.
“Kita sedaya kedah pados cara liyanipun. Supados, protokol kesehatan tetep saged puntrapken wonten ing peken tradisional,” tuture.
Nyatane, pandemi COVID-19 iki nyebabake jumlah pengunjung ing pasar tradisional mudhun nek dibandingke karo sakdurunge pandemi. Saliyane kuwi, Disperindag Kota Yogyakarta uga mbukak layanan blanja online.
ADVERTISEMENT
“Antusias utawi panjurunge masarakat kangge nggunakaken layanan punika (blanja online) tambah sae dumugi sakmenika,” andarane.