Konten dari Pengguna

2 Khutbah Idul Fitri 2026 Bahasa Jawa yang Penuh Makna

Berita Hari Ini

Berita Hari Ini

Menyajikan informasi terkini, terbaru, dan terupdate mulai dari politik, bisnis, selebriti, lifestyle, dan masih banyak lagi.

·waktu baca 3 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Berita Hari Ini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Ilustrasi khutbah Idul Fitri 2026 bahasa Jawa. Foto: Pexels.
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi khutbah Idul Fitri 2026 bahasa Jawa. Foto: Pexels.

Setelah melaksanakan ibadah puasa selama sebulan penuh, umat Muslim akan merayakan Hari Raya Idul Fitri. Momen kemenangan ini diawali dengan shalat berjemaah dan mendengarkan pesan penuh makna melalui khutbah Idul Fitri.

Bagi masyarakat di beberapa daerah, seperti di Jawa Tengah dan Jawa Timur, penyampaian pesan keagamaan akan terasa lebih dekat dan menyentuh hati jika disampaikan dengan bahasa daerahnya. Karena itu, simak beberapa contoh khutbah Idul Fitri 2026 bahasa Jawa berikut ini!

Khutbah Idul Fitri 2026 Bahasa Jawa

Ilustrasi khutbah Idul Fitri 2026 bahasa Jawa. Foto: Unsplash.

Dikutip dari kanal Youtube Sarwiji Majid Channel dan laman insuriponorogo.ac.id, berikut khutbah Idul Fitri 2026 bahasa Jawa yang dapat dijadikan referensi.

Khutbah 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Puji syukur konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta'ala ingkang tansah paring nikmat dhumateng kula panjenengan sami. Shalawat saha salam mugi tansah ngaturaken dumateng panutan kita Nabi Muhammad Shallallahu 'Alaihi Wasallam.

Wonten ing dinten ingkang mulya menika, umat Islam sami ngajengaken asmanipun Allah kanthi ngucap takbir, tahmid, lan tahlil minangka raos kemenangan. Kemenangan amargi kita sampun kasil ngelawan hawa nafsu salebetipun wulan suci. Cocog kaliyan ngendikanipun Rasulullah: "Man shoma Romadhona imanan wahtisaban, ghufiro lahu maa taqoddama min dzanbih."

Dinten riyadi fitri hakekatipun sanes wekdal pungkasan kangge numpuk kesaenan, ananging wekdal awal kangge miwiti pagesangan enggal kanthi manah ingkang enggal. Umar bin Abdul Aziz ngendika: "Riyoyo iku dudu wong sing nganggo klambi anyar, ananging riyoyo iku wong kang luwih taat marang pangerane."

Wonten tiga wujud kemenangan sak paripurnaning wulan Romadhon:

1. Kemenangan spiritual. Jiwa ingkang suci saking sombong, mangkel, iri, lan drengki. Cocog kaliyan firman Allah: "Qod aflaha man zakkaha, wa qod khoba man dassaha." Menika hakikat taqwa ingkang sejati.

2. Kemenangan emosional. Kemenangan sabar. Rasulullah ngendika: "Wong sing kuat iku dudu wong sing tansah menang nalikane gelut, ananging wong kang kuat iku yaiku wong kang bisa menahan diri saka nalikane nesu."

3. Kemenangan intelektual. Ing pandangan Islam, cerdas intelektual dipun tandhani kanthi saged mbedakaken pundi ingkang halal lan haram, manfaat lan mudharat, sarta mangertos hak lan kewajibanipun.

Mugi kita saged methik hikmah Romadhon lan nerusaken amalan-amalan wulan Romadhon wonten ing wulan-wulan salajengipun.

Taqobbalallahu minna wa minkum.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Khutbah 2

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah. Sumangga kita tansa muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, taufiq lan hidayah dumateng kito sedoyo.

Kita nembe mawon medal saking wulan Ramadhan ingkang mulya. Ing wekdal punika kita sampun mlebet ing wulan Syawal. Wekdal puniko kito sedoyo njangkepi amal sholeh wonten ing wulan Ramadhan, kanthi ngathah-ngathaken amal sholeh dumateng sesami, utaminipun dumateng tiyang sepuh, kanca lan sedulur. Inggih salah satunggalipun kanthi nindaaken tradisi sungkem.

Sungkem mujudaken tradhisi kang wonten ing masyarakat kita, minangka cara anggenipun ngormati anak dumateng tiyang sepuhipun utawa anggenipun ngormati wong enom dateng tiyang ingkang langkung sepuh utawa cara anggenipun ngormati santri dumateng guru lan Kyainipun.

Tradhisi sungkem ing masyarakat kita biyasanipun katindakaken dening anak dateng tiyang sepuhipun ing wekdal-wekdal khusus, upamane Idul Fitri, ingkang anggadahi maksud kanggo nyuwun pangapura lan ngormati kanthi ikhlas dateng tiyang sepuh.

Ayat punika negesaken pentingipun lare anggadahi jiwa ingkang ageng kagem bersyukur dateng samukawis jerih payahipun tiayng sepuh utamane ibu. Hadits niki jelas sanget negesaken yen pentinge ngormati ibu niku luwih dhuwur tinimbang sinteng mawon, kalebet dating bapak. Wektu Idul Fitri uga kudah kagunakaken kagem sungkem dumateng guru lan Kyai minangka wujud pakurmatan dateng panjenenganipun sedanten.

Mugi-mugi kita sedaya saged manfaataken riyaya Idul Fitri menika kagem sungkem dhumateng tiyang sepuh, sanak kadang, guru saha kyai kagem paring pahormatan saha nyuwun pangapunten.

(FHK)

Baca juga: 2 Sambutan Ketua Panitia Idul Fitri 2026 yang Penuh Makna