2 Khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan Pesan Islami

Menyajikan informasi terkini, terbaru, dan terupdate mulai dari politik, bisnis, selebriti, lifestyle, dan masih banyak lagi.
·waktu baca 5 menit
Tulisan dari Berita Hari Ini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Khutbah Jumat menjadi sarana penting untuk mengingatkan setiap Muslim tentang keutamaan berada di jalan Allah. Setiap pekan, khatib menyampaikan pesan keagamaan yang berisi nasihat dan ajaran Islam yang bisa diterapkan dalam kehidupan sehari-hari.
Agar lebih mudah dipahami, khutbah sering disampaikan dengan bahasa yang dekat dengan jamaah. Penggunaan bahasa daerah, seperti bahasa Jawa, kerap kali membuat suasana terasa lebih akrab.
Bagi yang bertugas sebagai khatib maupun yang sedang mencari referensi materi khutbah, berikut ini terdapat beberapa contoh khutbah Jumat dalam bahasa Jawa yang bisa digunakan.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Dirangkum dari laman NU Online, beberapa contoh khutbah Jumat dalam bahasa Jawa berikut dapat dijadikan referensi.
1. Khutbah Jumat: Ngedohi Sifat Takabur
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo tansah sami ningkatake takwa lan taat dateng ngarso Dalem Allah kanti nindakaken sedoyo dawuh lan printahipun, insyaallah kito bade tansah kaparingan kabekjan wiwit alam donyo puniko ngantos mbenjang dumugi ing alam akhirat.
Shalawat serto salam mugi tansah katur marang Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan ingkang padang lan dipun trisnani Gusti Allah.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Kanjeng Nabi Muhammad meniko tiyang agung ingkang dipun anugerahi kesaenan ingkang katah lan nggadahi sifat ingkang mulyo, santun, amanah, tawadhu, lan mboten nate takabur sinaoso dipun gelari dados sak apik-apike menungso.
Kito sedoyo menungso biasa ingkang mboten saget tebih saking keluputan lan kesalahan. Monggo kita sami njaga akhlak, aja nganti ngrasa wong liya luwih asor utawa hina. Kawahos wonten ing Al-Qur'an, Gusti Allah dawuh mekaten:
فَلَا تُزَكُّوْا أَنْفُسَكُمُ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقَى
Artosipun: "Ojo nganggep suci bersih maranga wake dhewe, sebab Gusti Allah iku luwih pirso marang sopo kawulane kang luwih takwo." (QS. An Najm:32)
Ayat meniko paring pepiling marang sinten kimawon supados mboten takabur. Takabur niku setunggale sifat ingkang dipun mboten sukani Gusti Allah. Kito sedoyo gesang ing alam dunyo niki kedah mbiasaaken sifat tepo seliro, andap asor, tawadhuk kados ingkang dipun contohaken Kanjeng Nabi Muhammad saperlu nggayuh kesentosan, kemakmuran serto ketentreman lahir lan batin.
Jamaah Jumat Ingkang Bahagio
Kito kedah waspodo dateng gejala penyakit takabbur, Kanjeng Nabi dawuh:
لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ مِنْ كِبْرٍ قَالَ رَجُلٌ إِنَّ الرَّجُلَ يُحِبُّ أَنْ يَكُونَ ثَوْبُهُ حَسَنًا وَنَعْلُهُ حَسَنَةً قَالَ إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ الْكِبْرُ بَطَرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ
Artosipun: Ora bakal manjing suwargo wong kang ing jero atine ono sak biji sifat sombong, lajeng sahabat tanglet, opo toh tiyang jaler ingkang remen agemane bagus lan sandale bagus kalebet sombong?, Kanjeng Nabi dawuh: Saktemene Gusti Allah iku Dzat kang Bagus lan demen marang kebagusan. Sombong iku maksude nolak kaleresan (kabeneran), ngeremehake lan ngino marang liyan. (HR. Muslim)
Saking hadis meniko, kito kedah ngangen-angen, kados pundi bahayane sombong kados ingkang dipun lampahi iblis, anggenipun nolak keleresan saking ngarso dalem Gusti Allah.
Milo saking meniko, monggo kito sami-sami nyenyuwun marang Gusti Allah supados ditebihaken saking sifat sombong lan takabbur kados dene iblis, kranten saged nggiring serto menjurus dateng kekafiran, wal'iyadzu billah.
2. Khutbah Jumat: Pentinge Niti Pirso Marang Awake Dewe
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Monggo sareng-sareng ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, kanti ninda'aken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Kranten saking meniko kito sedoyo saget angsal kawilujengan soho kabejan wonten dunyo ngantos akhirat.
Kedah kita mangertos bilih menawi Gusti Allah kersa maringi kebaikan dhateng kawula, mesthi dipun paringi kesadaran babagan kekirangan lan kalepatan ingkang wonten awake. Akhire kawulo nikuwau saget ndandani sekedik-sekedik hinggo dados kesaenan ingkang sempurno.
Kaprahe manungso sami mboten nyadari kekiranganipun piyambak. Kathah ingkang rumangsa sampun sae, apik ing mripat masyarakat lan ugi rumangsa sae ing ngarsanipun Allah. Saking dawuh kasebat wonten hikmah ingkang saget kito petik kagem ndandosi awak kito supados ngajeni tiyang sanes, mboten rumaos luweh sae, nggih puniko:
1. Istiqomah ningkataken taqwo, amal sholih soho nebihi awisanipun Allah, hinggo dados tiyang sae.
2. Ngrumaos dados tiyang kirang becik lan kirang amal sholihipun. Tegesipun sanes ngasorake awake piyambak, ananging sikap ngatos-atos supados selamet saking ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan).
3. Andap asor (tawadhuk) dateng tiyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae. Katah tiyang ingkang ngremehaken tiyang sanes, ngrumaosi langkung sae lan mulyo.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Perkawis muhasabah utawi niti pirso awake dewe meniko penting sanget, kranten Gusti Allah sampun dawuh:
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Artosipun: Hai wongkang podo iman, wediyo marang Allah lan dan saben awak-awak becik nggateaken opo-opo sing wes dilakoni kanggo dino sesok (kiamat), lan wediyo marang Allah, setuhune Allah Dzat kang mirsani amal siro kabeh. (QS. Al-Hasr: 18)
Jamaah Jumat ingkang minulyo
Mawas diri utawi muhasabah maran kekirangan lan aib awake dewe, saget ngendalikaken kesaenan gesang kito wonten dunyo amarga luput lan supe tanpa muhasabah saget ngrisak kito, keluwargo lan masyarakat.
Mugi-mugi kita kalebet golongane tiyang-tiyang ingkang niti pirso awake dewe lan saget dados tiyang ingkang andap asor (tawadhuk), ngajeni tiyang liyane, mboten ngrumaosi langkung sae. Aamiin.
Baca Juga: Contoh Pengisian Diary Panca Cinta MOOC Pintar Kemenag dan Panduan Lengkapnya
(SA)
