Konten dari Pengguna

2 Sambutan Ketua RT dalam Acara Halal Bihalal Bahasa Jawa

Berita Hari Ini

Berita Hari Ini

Menyajikan informasi terkini, terbaru, dan terupdate mulai dari politik, bisnis, selebriti, lifestyle, dan masih banyak lagi.

·waktu baca 3 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Berita Hari Ini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Ilustrasi sambutan ketua RT dalam acara halal bihalal bahasa Jawa. Foto: Unsplash
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi sambutan ketua RT dalam acara halal bihalal bahasa Jawa. Foto: Unsplash

Halal bihalal yang diselenggarakan di lingkungan RT menjadi momen penting untuk mempererat silaturahmi antarwarga. Dalam kegiatan ini, ketua RT biasanya menyampaikan sambutan sebagai pembuka acara.

Meski disampaikan secara singkat, sambutan memiliki peran penting dalam menyampaikan pesan kebersamaan. Agar terasa lebih akrab dan mudah dipahami, sambutan sering menggunakan bahasa daerah setempat, seperti bahasa Jawa.

Dengan susunan kata yang tepat, suasana halal bihalal akan terasa lebih hidup. Simak beberapa contoh sambutan ketua RT dalam acara halal bihalal bahasa Jawa berikut sebagai inspirasi.

2 Sambutan Ketua RT dalam Acara Halal Bihalal Bahasa Jawa

Ilustrasi sambutan ketua RT dalam acara halal bihalal bahasa Jawa. Foto: Unsplash

Mengutip buku Ahli Berbicara (2020) karya Suhada Martakim, serta unggahan Scribd berjudul Teks Pidato Halal Bihalal Bahasa Jawa oleh Nabila Sekar D dan Sambutan Halal Bihalal Karang Taruna oleh Ganang Julianto, berikut contoh sambutan halal bihalal ketua RT menggunakan bahasa Jawa.

Contoh 1

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillahirabbil ‘alamin, wassalatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin, wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’in, amma ba’du.

Dhumateng ngarsanipun para sesepuh saha pinisepuh ingkang kula hormati.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh ingkang kula hormati.

Dhumateng sedaya bapak, ibu, saha warga RT lan tamu undangan ingkang kinurmatan.

Langkung rumiyin, sumangga kita sesarengan ngaturaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat sehat saha kawilujengan, saengga saged ngerawuhi syawalan utawi halal bihalal ing wedal ndalu puniko. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita apek syafaatipun ing mbenjang hari akhir yaumul kiyamah punika.

Bapak, Ibu, saha para tamu undangan ingkang kula hormati. Minangka Ketua RT, kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng sedaya warga. Kula ugi nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun menawi wonten kekirangan utawi kalepatan, sengaja utawi boten sengaja.

Salajengipun, kula ngaturaken sugeng riyadi, Minal aidzin wal faidzin, mugi kita sedaya dipun paringi pangapunten dening Allah SWT. Mugi dosa lan kalepatan saged kalebur, lan kita saged dados pribadi ingkang langkung sae.

Mugi kebersamaan menika saged dipun jaga kanthi becik ing dinten-dinten salajengipun. Mugi kita sedaya tansah pinaringan berkah lan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.

Amin Ya Rabbal 'alamin.

Bilahi taufiq wal hidayah, waasalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 2

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Para alim ulama, sesepuh saha pinisepuh ingkang kula hormati. Dhumateng Bapak Kepala Desa saha perangkatipun ingkang kinurmatan. Ugi dhumateng sedaya warga RT ingkang kula tresnani.

Mangga kita sesarengan ngaturaken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit rahmat lan hidayanipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal wongten ing mriki ingkang sami-sami hanggadahi tujuan mengeti adicara Halal Bihalal ing ndalu puniko kanti sehat wal afiyat.

Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun umat saking jaman jahiliyah utawi zaman kegelapan dhumateng zaman ingkang terang benderang.

Hadirin ingkang kula hormati. Amargi taksih wonten ing wulan Syawal, kula minangka Ketua RT ngaturaken Minal aidzin wal faidzin, nyuwun pangapunten lahir lan batin. Mugi Allah SWT kersa nampi sedaya amal ibadah ingkang sampun dipun lampahi.

Kula ugi ngaturaken matur nuwun dhumateng para pemuda saha warga ingkang sampun nyengkuyung lumampahipun acara menika kanthi lancar.

Mugi Ramadan dados sarana ngresiki dosa, Syawal dados wekdal ningkataken amal, lan Idulfitri dados wiwitan anyar kangge dados pribadi ingkang langkung becik.

Para hadirin ingkang kinurmatan, menawi wonten tembung ingkang kirang mranani, kula nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.

Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca Juga: 45 Ucapan Halal Bihalal di Kantor yang Sopan dan Berkesan

(SA)