Konten dari Pengguna

3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi

Berita Terkini

Berita Terkini

Penulis kumparan

·waktu baca 3 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi, Foto: Unsplash/Elisabeth Morin
zoom-in-whitePerbesar
Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi, Foto: Unsplash/Elisabeth Morin

Kamu suka baca cerpan? Sudah pernah coba membaca cerkak, belum? Cerkak merupakan cerita pendek yang tersaji di dalam bahasa Jawa, yang tak kalah menarik dari cerpen bahasa Indonesia. Jika kamu belum pernah membacanya, simak contoh cerkak bahasa Jawa pengalaman pribadi di bawah ini.

3 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi, Foto: Unsplash/Mario La Pergola

Berikut ini adalah deretan contoh cerkak bahasa Jawa tentang pengalaman pribadi yang termabil dari buku Kagem Sliramu: Kumpulan Crita Cekak Lan Geguritan Basa Jawa, Soeprijati, (2018:67-69):

  • Preian ing Borobudur

Dina preian wingi aku lunga menyang Borobudur karo Ibu, Bapak lan adik adikku.

Borobudur rame banget, tapi kabeh pada manut karo aturan protokol kesehatan.

Aku uga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing Borobudur.

Kabeh wong lelungan ing Borobudur pada nganggo masker lan mlakune uga jaga jarak.

Aku seneng banget bisa preian ing Borobudur bareng keluarga. Sinau sejarah peninggalan Raja Samaratungga.

Bapak ngandika, anak anak kudu tansah eling marang sejarah bangsa. Sawise saka Borobudur, Bapak Ibu ngajak aku lan adik adik muter muter kota Magelang, nyenengake banget.

  • Preian Sekolah ing Griyane Kakung

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah. Aku lan keluarga duwe rencana bakal dolan menyang griyane kakungku ning Gunung Sari.

Desane kakungku ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan seko omah ngasi omahe kakungku butuh wektu sekitar 4 jam.

Bar salat subuh, aku langsung semangat adus lan nyiapne klambi ganti nggo liburan ning kono. Ra lali ibukku ya nyiapne sangu nggo dipangan pas ning ndalan.

Akeh pemandangan sing apik mergo perjalanan menyang omahe kakungku ngelewati gunung lan alas. Keluargaku budal seko omah jam 7 esuk numpak mobil. Pas perjalanan, aku dicritani pengalamane bapak pas jih cilik ning desa mbien.

Aku dewe asline ndue rencana dolan ning kali utawa sawahe kakung. Ora krasa cerita ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan jebul ameh tekan omahe kakungku.

Kakungku wis siap ngenteni ning ngarep omah karo wajahe sing seneng banget gara-gara meh ketekanan aku. Aku kan salah sijine putu sing disayang.

Selama nek omahe kakungku, aku diajak dolan menyang kali, sawah, lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah ning desane kakungku.

  • Preian ing Omah

Preian sekolah wingi aku ora lunga menyang endi wae. Aku tetep ing omah karo bapak, ibu lan mbakyuku.

Sanadyan ora lunga ing panggonan wisata, aku tetep seneng amarga Bapak uga prei dadi kabeh bisa kumpul ing omah.

Aku seneng amarga bisa kumpul karo keluwarga lan masak-masak bareng. Bapak ngajak bakar-bakar sosis ing omah.

Ibu lan mbakyuku nyiapake bahan-bahan sing arep dimasak. Aku lan bapakku nyiapake geni nggo bebakaran.

Sesuke lebar bakar-bakar sosis ing omah, Bapak ngajak aku lunga kebone Simbah. Nalika ing kebon aku karo bapak panen jeruk. Sawise seko kebon, jeruke diperes digawe es jeruk.

Dari ketiga cerkak bahasa Jawa singkat di atas, manakah yang paling kamu sukai?(BRP)