3 Teks Puisi Bahasa Jawa tentang Cinta yang Romantis dan Mengharukan

Penulis kumparan
·waktu baca 2 menit
Tulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Geguritan atau puisi bahasa Jawa adalah salah satu jenis karya sastra yang ditulis dalam bahasa daerah. Puisi bahasa Jawa juga menjadi materi yang diajarkan pada mata pelajaran muatan lokal. Jadi, tidak heran jika mayoritas masyarakat Jawa tidak asing dengan istilah geguritan ini. Nah, jika Anda sedang mencari contoh teks puisi bahasa Jawa tentang cinta, simak artikel ini, ya!
3 Teks Puisi Bahasa Jawa tentang Cinta yang Romantis dan Mengharukan
Berikut ini adalah 3 contoh teks puisi bahasa Jawa tentang cinta yang romantis dan mengharukan yang bisa Anda baca.
Puisi 1
Wuyungku Ngamboro Boro
Dening: Azizah Nana
Tresno iku koyo entut
Ora biso diulatke nanging biso dirasake
Ora biso mlayu nanging marai kesel
Ora biso mikir nanging agawe pikiran
Opo janjane tresno kui?
Langit peteng ora ono mendung
Tresno iku tetep gawe padange ati
Roso ayem lan tentrem karoso roso
Tresno iku nalikane ati ku semeleh ning ati mu
Cukup semene anggonku ngroso tresno
Mergo kowe ora rumongso
Tresnaku kebacut adoh
Nanging kowe sansoyo ngadoh
Puisi 2
Tresnoku Kepalang Pangestu
Dening: Azizah Nana
Marang Gusti Kang Kuoso, Panyuwunku amung siji
Soko mletheke srengenge tekan metune rembulan
Ati iki ora bakal ayem sedurung weruh slirane
Duhh Gusti Kang Moho Agung
Tresnaku tan tekan marang awake
Liwat angin tak titipke roso kangenku
Senajan tan biso tekan nanging aku ora biso lumaku
Pangestune wong tuo ne ora biso tak tuku
Mesem bebarengan awake mung dadi ngimpiku
Tanganku tan biso gandeng tangane
Amung rogo iki kesekso tekane pati
Mergo awake cah ayu sing tak tunggu
Tresnoku kepalang pengestune wong tuo ne
Pati ku mugo dadi dalan biso nyanding slirane
Puisi 3
Tresna
Dening: Erlita Fajrani
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna
(Anne)
