Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.103.0
Konten dari Pengguna
4 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Persahabatan Singkat dan Penuh Makna
25 Februari 2022 18:10 WIB
·
waktu baca 8 menitTulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

ADVERTISEMENT
Cerkak merupakan salah satu karya sastra Jawa yang dipelajari di sekolah. Bagi kamu yang sedang mencari contoh cerkak bahasa Jawa persahabatan, simak ulasan berikut.
ADVERTISEMENT
4 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Persahabatan
Dikutip dari jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Terhadap Bahasa Jawa oleh Galih Dwi Purbosari DKK (2017), pengertian cerkak adalah suatu karya sastra fiksi yang ceritanya lebih pendek dibandingkan dengan novel atau dalam bahasa Indonesia disebut dengan cerita pendek (cerpen) namun lebih panjang dari puisi dengan bahasa Jawa sebagai penulisannya.
Karena tidak terlalu penjang, seseorang dapat menikmati keseluruhan cerita dalam sekali baca. Selain itu, cerkak cenderung padat dan langsung ke tujuan.
Karya sastra ini juga menjadi sebuah media yang mengangkat dan menggambarkan realita sosial yang dalam masyarakat Jawa. Sehingga, cerkak bukan hanya sebagai penghibur, namun juga bermuatan nilai-nilai edukasi.
ADVERTISEMENT
Adapun 4 contoh cerkak bahasa Jawa tentang persahabatan yaitu:
Salah Milih Kekancan
Jenengku Yunita, aku kelas 6 SD. Aku nduweni 6 sahabat, klebu aku, awake dhewe uga siji kelas. Sahabat aku ana Dayyah, Ani, Ivana, Eka, lan Sabila. Dekne kabeh kabeh sahabat paling becik aku. saben aku sedhih, dekne kabeh sanuli ana gawe aku. sawalike, saben dekne kabeh sedhih aku uga sanuli ana gawe dekne kabeh.
Saben dina awake dhewe sanuli bareng terus. Nganti-nganti leren bareng, pangan bareng, mulih sekolah bareng, bakune sarwa bareng. Ning wayah dina Jemuwah kemarin, kelas aku dikongkon memeriksa buku kanca-kanca sekelasku. aku meriksa buku sing ora ana jenenge.
Sabila ngewangi aku kanggo nggoleki ngerti sapa sing nduwe buku kuwi karo cara ndeleng tulisane lan ndeleng buri buku. Amarga bokmenawa wae tulisan kuwi aku kenal. Lan neng buri buku kuwi ana tulisan “Aku ora seneng Ivana lan Yunita.” Aku ngenali tulisan kuwi. Kuwi buku Dayyah, sahabat aku dhewe. Jebulna sifat Dayyah beda karo apa sing aku delok neng ngarep mata aku.
ADVERTISEMENT
Wayah dina Rabu, aku lan Ivana ndeleng ana Eka lan Ani. “Kali arep pileh aku padha Ivana utawa Dayyah? Yen pileh Dayyah kowe aja dolan padha aku lan Ivana,” takon aku lan Ivana. “Awake dhewe pileh kowe, emang ngapa?” takon dekne kabeh. “Awake dhewe meneh neson padha Dayyah,” jawab aku lan Ivana.
Nuli dina Kamis aku lan Ivana, nemoni Sabila. “Sabila, kowe arep pileh aku padha Ivana utawa Dayyah? Yen kowe pileh Dayyah kowe aja dolan padha awake dhewe kabeh,” takon aku lan Ivana. “Opo sih? Kok mileh-mileh, kanca kabehe ping padha,” saur Sabila. Nuli aku lan Ivana njawab “Yaelah, sok banget sih kowe.”
Akhire Sabila mileh Dayyah dadi sahabate. Aku mung pesen wae supoyo Dayyah lan Sabila arep walik dadi sahabat awake dhewe meneh. Aku uga bersyukur marang Allah amarga 3 sahabat aku mileh aku. Aku pitaya Sabila salah mileh sahabat, amarga Dayyah anak sing tukang goroh. Padahal ta, wongtua Dayyah wis dadi haji.
ADVERTISEMENT
Kancaku Kang Becik Atine
Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak melbu sekolah ono seminggu.
Jare konco-koncoku si Andi iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Andi.
Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Andi ugo gak adoh tekan sekolahan. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku.
“Do, pedahku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Edo!!
“Lha emange konopo?” jawabe Edo.
“Sek jajal mandek tak delok e disek”, balesku.
Terus aku karo Edo jajal mandek gawe ndelok pedahku sak temene kenek opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh.
ADVERTISEMENT
Mbasan di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso ditumpak i. Akire aku dikancani Edo nuntun pedah golek I tukang tambal ban.
Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing omae salah siji warga cedak kunu.
Terus aku di gonceng Edo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek menyang omae Andi.
Aku matur suwun banget karo Edo, amergo Edo salah sijine sahabtku kang becik atine. Edo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan.
Setelah kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan.
Kekancan Sak Lawase
Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku
ADVERTISEMENT
cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang
ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes
biasa dadi yo gak tak gowo ati.
“Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae,
nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq.
Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani
mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq
mlebu kelas bareng-bareng.
Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning
tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir
ADVERTISEMENT
mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko
buku sek tak gowo tibo “buukkkk” ditabrak bocah cilik.
“Sepurane mas aku gak sengojo e'”
“Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek mlaku kui seng ati-ati ya
dek”
“Enggeh mas”
Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu, yo koyo biasane aku melu
pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo biasane, sodiq kok gak
ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske bali sekolah
maring omahe sodiq. Tekan ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane
ki sepi banget koyo gak ono uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam,
ADVERTISEMENT
jebule sodiq ora nek omah kono alias pindah anyar. Bali seko omahe sodiq aku lagi
kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora neng kono wae? Yo kenopo kok sodiq
gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku dadi bingung dewe karo sodiq.
Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar.
1 jam luih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu
omahe sodiq batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak
lan kepenak saiki malah urip nek tempat sek kumuh lan sempit.
“Asssalamualaikum..” Aku kang ngucap salam nek ngarep omahe sodiq
“Waalaikumsalam” Bales sodiq pas buka lawang
Ora basa-basi sodiq langsung ngajak aku mlebu marang omahe. sodiq banjur cerito
ADVERTISEMENT
marang kabeh kepindahane, jebule keluargane iku nduwe utang marang bank
naming sayange keluargane iku gak sanggup bayar akhire omahe kui dadi di sita karo
pihak bank.
“Yo wes deq gak usah sedih terus, iseh ono aku koncomu kok, aku bakal tetep dadi
koncomu maring kesedihan lan seneng awakmu.” Omongan aku gawe nenangake
sodiq seng gek sedih
“Alhamdulillah jar aku bersyukur banget marang gusti Allah, soale Alah uwes
ngewenehi konco koyo awakmu..”
“Ngene wae diq adewe gawe perjanjian yen dewe kui bakal selalu bareng-bareng ora
bakal kepisah masio adewe adoh amergo jarak”
“Siap, janji yo kekancan sak lawase jar”
Kekancan
Nalika semana Ica nembe bae mlebu SMK. Mbiyen Ica sekolahe nang sawijining SMP nang Banjarnegara. Nanging saiki deweke munggah SMK lan nglanjutna nang SMK N 1 BAWANG. Nang SMK Ica duwe kenalan kanca saka SMP sak Kabupaten Banjarnegara. Ing SMK Ica duwe kanca anyar yaiku Fina, Dewi, Bagus lan Nana. Nanging Ica lewih cedhak karo Bagus kanca lanange Ica. Bagus kuwi bocahe gedhe dhuwur. Bagus uga dadi ketua kelas lan ketua OSIS nang sekolahe. Mulane Ica ora gumun yen akeh seng seneng karo Bagus. Ica uga ora nyangka yen deweke bisa kancanan karo Bagus.
ADVERTISEMENT
“Eh fin apa kowe duwe nomere Bagus?” pitakon Ica nalika ketemu Fina pas lagi istirahat.
“Nduwe ko arep njaluk apa?” jawabane Fina.
“Iya, ora papa mbokan?” pitakone Ica maneh.
“Iya ora papa ka, iki nomere 087728617XXX “ jawabane Fina.
“Matur nuwun ya Fin “
“Iya padha-padha’
Nang liya dina Ica banjur sms. Senajan kuwe Ica palah bingung arep sms apa. Banjur Ica mung sms kosongan.
“. . . . . . . . . .. . . . .”Ica ngirim sms.
“Sapa?” jawabane Bagus mbalesi smms Ica.
“Aku kancamu “. Balese Ica.
“Kanca ngendi?”
“Kanca sak sekelasmu, Ica “
“Oalah, ngapa ca?”
“Ora papa mung pengen sms bae, Eh ngapura ya nek inyong ngganggu”. Balese Ica maneng.
ADVERTISEMENT
“Ora papa kok inyong palah seneng. . . . . . . “ jawabane Bagus.
Lan seteruse. . . . . . . .
Ica smsan nganti suwe banget. Akhire Ica lan Bagus dadi tambah cedhak. Nganti kanca-kancane padha takon yen ana apa karo cah loro kuwi.
“Eeh ca, ko karo Bagus ana apa si? ka katone cedhak temen “pitakone Fina.
“Hahaa, ora ana apa-apa ka, biasa bae “. Jawabe Ica.
“halahh, jujur bae ko jadian karo Bagus ya. Ra sah ngapusi lahh “pitakone Nana sing ijig-ijig nibrung.
“Ora ka anu kanca cedhak tok “. Balese Ica.
“Hala mung kanca cedhak ka katone mesra temen?” pitakone Fina.
“Ora ka, ya ngana mbok takon dewek bae meng Bagus.” Jawabe Ica karo rada gela.
ADVERTISEMENT
Senajan deweke ora ngapusi, nanging kanca-kancane isih tetep bae ngeyel. Mung gara-gara Ica cedhak karo Bagus, kanca-kancane padha nggelani Ica. Banjur Ica nemoni Bagus lan cerita apa bae sing mau diomongi kanca-kancane. Bubar ngomongan, Ica karo Bagus duwe tekad yen sahabatan iki ora bakal bubar mung gara-gara desas-desus utawa perasaan iri kanca-kancane. Cah loro iki justru tambah cedhak sawise Bagus ngenalake pacare mareng Ica.
Itulah 4 contoh cerkak bahasa Jawa persahabatan. Selanjutnya, giliran kamu membuat cerkak versimu sendiri. (MZM)