Konten dari Pengguna

4 Puisi Bahasa Jawa tentang Ibu yang Singkat dan Penuh Makna

Berita Terkini
Penulis kumparan
24 Februari 2022 20:10 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan
Ilustrasi puisi bahasa Jawa tentang ibu. Foto: unsplash.com/elgassier
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi puisi bahasa Jawa tentang ibu. Foto: unsplash.com/elgassier
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
Ibu adalah sosok yang penting dan tak akan pernah tergantikan. Seorang anak tidak akan bisa membalas jasa sang ibu. Namun seorang anak bisa mengabadikan jasa yang melahirkannya dengan sebuah puisi. Berikut 4 puisi bahasa Jawa tentang ibu yang singkat dan penuh makna.
ADVERTISEMENT

4 Puisi Bahasa Jawa tentang Ibu

Adapun puisi bahasa Jawa tentang ibu yang dikutip dari buku Rinumpoko Sesotyo Widosari: Kumpulan Geguritan karya Asih, S.Pd. SD (2021), yakni:
1. Simbok
Wong kang seneng ngapusi nanging
Jaminane swargo
Yaiku simbok
Saben wayah saben dina
Direwangi kerja ketekuk ringkel
Kanggo anak
Awak sayah ora lumrah
Jare wis biasa
yen pinuju olah-olah sisihke lawuh kanggo anak
Kae ana lawuh iwak, ndang maem
Simbok ora patia seneng iwak
Yen pinuju mung sithik olehe olah olah
Enggal maem ngger .....
Simbok ngendika ora luwe
Pinuju anak lara
Simbok melek nganti tengah wangi
Bareng anak nglilir simbok ngendika
Wis ndang bubuk sesuk enggal sehat
Bareng anak wus kerja arep kirim duit
ADVERTISEMENT
Simbok ngendika yen isih kagungan duit
Simbok ngapusi marang lelakone uripe
Merga tulis tresnane kanggo anak
2. Wayah Udan
Ana tangis layung-layung
Tangise simbok sing rumangsa ketar•ketir atine
Anak lanang siji sing digala-gala
Wayah ngene durung bali ing pangkone
Ana jerit Ian sambat ngaru-ara
Sambate wong-wong sing karoban
Kalah ngadhepi angin Ian banyu udan
Kuwawa nrajang apa wae sing ana
Tanpa sangkan-sangkan
Ana gemontange kidung dhuhkita
Wayah udan penyair kelangan
Ilham ngrungkebi keadilan
Ian aluse rasa kamanungsan
Ilustrasi Puisi tentang ibu. Foto: unsplash.com/we_are_rising
3. Ibuku Pahlawanku
Tresno ibu ora kaganteake
Pangorbanan kang tanpo wates
Nora biso winales
Ibu… pahlawan uripku
Dongo ibu kang tulus lan suci ngiringi awakku
Pangorbanan tanpo pamrih, ora kepedot
Kairing lakone wektu
ADVERTISEMENT
Pitutur kang ngajari bektiku nyirnake
Sedoyo luput maring lakuku
Tresno asihmu ora bakal puput
Ibu pahlawanku, gonga pujiku kangge
Ibu…
4. Ibu
Ibu, sihmu kadya sumunaring bagaskara engkang madangi jagadraya
Katresnananmu kadya jembaring segoro tan bisa diukur kanti ukara
Ibu, senajan sang putra asring nglarani penggalih
Nanging katresnanan ndiko nora ngalih
Ibu, senajan sang putra asring gawe kuciwa
Nanging ndiko tansah paring apura
Ibu, pangendikan ndika ngemu pitutur luhur
Kadyo lintang, rembulan gawe endahing wengi
Tansyah paring pepadhang margi lampah kang putra
Ibu, senajan abot ing sesanggan nanging ora sambat
Senajan nemahi rekoso nanging tan ono iluh ing netro
Ibu, namung donga ingkang saget kang putra puji
Mugi Gusti paring kesarasan lan panjang yoswo
ADVERTISEMENT
Pinaringan kecakapan lan gesang minulya
Kang putro mboten saget caos piwales dumateng ibu
Awit tapaking samparan ibu suwargo kang putra
Itulah 4 puisi bahasa Jawa tentang ibu. Semoga sosok yang melahirkan kita selalu diberi umur panjang dan selalu dalam lindungan yang Maha Kuasa. Amiin. (MZM)