5 Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Alam

Berita Terkini
Penulis kumparan
Konten dari Pengguna
9 Februari 2022 15:30 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan
Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Alam, Foto: Unsplash/David Marcu
zoom-in-whitePerbesar
Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Alam, Foto: Unsplash/David Marcu
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
Jika kamu bosan dengan puisi berbahasa Indonesia, maka kamu bisa menikmati puisi di dalam bahasa Jawa alias geguritan, seperti pada contoh geguritan bahasa jawa tentang alam di bawah ini.
ADVERTISEMENT
Dilansir dari buku Sadur: Sejarah Terjemahan di Indonesia dan Malaysia, Henri ChambertLoir, (2021:12), geguritan awalnya merupakan puisi dengan aturan tertentu yang berkembang di kalangan pujangga Jawa dan Bali.
Namun, seiring perkembangan zaman, geguritan berkembang menjadi tembang dan puisi bebas, sehingga bisa ditulis oleh siapa saja yang memang menaruh minat pada karya satra.

5 Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Alam

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Alam, Foto: Unsplash/Blake Verdoorn
Berikut ini adalah 5 contoh geguritan tentang alam yang bisa menenangkan hari dan pikiran atau dijadikan sebagai bahan referensi untuk menulis geguritan yang baru:
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
ADVERTISEMENT
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
Kabentang indahe bumiku
Tan katon ijo royo-royo
Para kewan pada manut mring ndarane
Ana ing sawah anggarap siti
Nanging, saiki ora koyo mbiyen
Nanging, saiki bumiku wis rusak
Koyo-koyo wis ora ana ijo-ijoan meneh
Karono ulahe manungsa
Leno marang wektu
Lan nglirwakake kewajiban
Marang gusti,
Sing akaryo jagad
Bukit-bukit kang ijo
Sawah-sawah kang selak kuning
Swara alang-alang kang gumrising
ADVERTISEMENT
Ndadikna atikku ayem lan tentrem
Wit-witan kang rindang
Embun kang nyejukake ati
Lemah kang subur lan gembur
Alamku, alam kang apik lan agung
Swara tetembangan manuk sing mabur
Swara banyu kang netes-netes
Angin kang sumrisik ngrasuk ati
Pancen lestantun alamku
Alam kang adhem hawane
Alam kang endah isine
Alam kang bisa nentremake
Iki alamku, alam kang lestantun
Malem Selasa kilwon
Kang gawa sakehe pitakon
Ing jagad tanpa payon
Para manungsa padha sesingitan
Wengi iki tintrim
Wengi kang sepi
Angin kelangan laku
Kabeh kewan bisu
Mendung sore mau, ilang
Kanthi gawa rintik-rintik,bubar
Hawa donya,kadya mulate dahana
ADVERTISEMENT
Panas lan sumpeg ing jiwa
Malem selasa kliwon
Apa bener, demit klayaban ?
Saenggo manungsa delik ing jero senthong
Supaya ora kadustho wewe gombel lan butho
Malem selasa kliwon
Wengi kang tanpa rowang
Tanpa kanca, kanggo mbabar esem
Amung kathon peteng
Sawah…
Lemahmu kang ombo
Warnamu kang ijo
Penak yen disawang
Sawah…
Anggonku nandur pari
Saben dino pak tani ngeramut kowe
Ana bekecot, ulo, tikus lan sapenunggalane
Sawah…
Yen ora ono kowe aku lan sakabehane manungsa ora bisa mangan sego
Saben panen beras ngelumpok akeh
Janjiku ora bakal ngerusak kowe
Bagaimana? Contoh geguritan bahasa Jawa di atas sangat menenangkan hati dan pikiran, bukan?(BRP)
ADVERTISEMENT