Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.103.0
Konten dari Pengguna
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2022 Terbaru
18 Februari 2022 15:08 WIB
·
waktu baca 5 menitTulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

ADVERTISEMENT
Khutbah adalah salah satu tempat kita untuk belajar dan mendalami mengenai berbagai hal dalam ajaran Islam yang gratis. Khutbah atau ceramah dilakukan sebelum melaksanakan sholat Jumat bagi kaum laki-laki. Ada banyak materi dan banyak hikmah dari khutbah yang disampaikan oleh khatib setiap hari Jumat yang bisa kita terapkan dalam kehidupan sehari-hari. Salah satunya adalah mengenai hal untuk tidak memamerkan aib dan kelakuan buruk kita maupun orang lain. Untuk lebih jelasnya mengenai materi ini bisa disimak pada naskah khutbah Jumat Bahasa Jawa 2022 terbaru berikut ini.
ADVERTISEMENT
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Naskah khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru dengan tema mengenai aib dan kelakukan buruk yang tidak boleh dipertontonkan yang dikutip dari lama resmi NU Jawa Timur.
Larangan Pamer Aib lan Kelakuan Elek
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا، وقال تعالى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
ADVERTISEMENT
Jamaah ingkang Dirahmati Allah
Alhamdulillah siang meniko kito diparingi awak sehat lan hidayah sahinggo purun rawuh teng masjid. Tujuanipun ngelaksanaaken shalat Jumat berjamaah. Monggo kesempatan meniko kito ginaaken saestu kangge nambahi ajrih utawi takwallah kelawan ngelaksanaaken perintah lan nebbihi awisanipun.
Menawi penjenengan dados perangkat deso, pegawai negeri, pegawai kantoran, tentu semerap. Menawi wonten pengumuman kok disampeaken saben minggu, berarti meniko termasuk penting sanget. Niki wonten pengumuman ingkang disampeaken saben Jumat kalian khatib kangge takwallah. Berarti pesen meniko penting sanget kangge kito perhatosaken lan laksanaaken. Soal nopo manfaate takwa, mboten usah dipadosi. Ingkang langkung penting kadospundi saben dinten lan saben Jumat kito terus berusaha nambahi takwallah.
Jamaah ingkang Berbahagia
Di antara wujud takwallah meniko inggih mboten pamer keelekan. Setiap kito tentu anggadai aib masa lalu. Naliko alit mungkin nyolongan, betthik. Wayah umur sekolah sering mbolos, pe-er mboten dilakoni, nyuwun sangu dateng bapak lan ibu, ananging mboten tekan sekolahan. Mondok mungkin inggih enten ingkang dados santri nakal, langganan melanggar peraturan lan lintunipun. Naliko remaja, sering gonta-ganti pacar, boncengan kale tiang estri ngantos tekan luar kota. Duwite wong tuane dicolong saperlu damel nraktir lan ngebosi konco-koncone. Tiyang sepahe ngantos ngelus dodo, mboten kuat nyawang kelakoan anake. Bahkan enten ingkang ngantos sampun berkeluarga tasih selingkuh. Kerjo teng kantor senengane telat, korupsi lan lintune. Niki sampun pansiun saking penggawean, kadang wonten ingkang dereng berubah.
ADVERTISEMENT
Jamaah Rahimakumullah
Mboten wonten menungso ingkang suci mboten anggadahi cela alias aib utawi kekurangan. Menawi kito manggihi tiang kok sae, sekedik kepireng kekurangane, meniko berarti tasih dirahmati Allah SWT. Rahasiane disimpen rapet kale Gusti Pengeran.
Tapi nopo kewajiban kito menawi sampun semerap mboten wonten ingkang sempurno lan kebak kalian kekurangan? Nabi SAW ngimutaken kito sedoyo kangge mboten bangga kalian duso ingkang sampun dilakoni. Kekurangan meniko empon ngantos diceritaaken teng tiang sanes, nopo malih dateng anak, putu lan kelurga kelawan bangga. Empon ngantos justru ngumbar eleke awak dateng wong liyo.
كُلُّ أُمَّتِي مُعَافًى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ وَإِنَّ مِنْ الْمُجَاهَرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللَّهُ عَلَيْهِ فَيَقُولَ يَا فُلَانُ عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذَا وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ وَيُصْبِحُ يَكْشِفُ سِتْرَ اللَّهِ عَنْهُ
ADVERTISEMENT
Artosipun: Kabeh umatku mu’afa (disepuro dusane), kecuali wong sing ngelakoni duso kelawan terang-terangan. Lan saktemene termasuk ngelakoni duso kelawan terang-terangan inggih niku, ono wong ngelakoni kelakoan maksiat wayah bengi, tapi wayah mlebu waktu isuk ngucap: “Hai, rek! Wingi bengi aku wis ngelakoni maksiat ngini lan ngini. Wong model ngini iki padahal ngelewati bengi kemaksiatane ditutupi Pengeran, ananging wayah isuk bukak kelambu utawi tutupe Allah iku teko awake. (HR Bukhari, no, 6069; Muslim)
Jamaah Rahimakumullah
Milo ing kesempatan ingkang sae meniko kulo ngajak dateng awak piyambak lan jamaah sedoyo, monggo lereni ngumbar duso. Aku wingi mari nyolong, aku kapanane mari melanggaran aturan pemerintah tapi gak ketangkep. Bengi wingi aku nang kuta gak gawe helm tapi gak opo-opo. Nak, bapak wayah cilik iku ndablek, cong embahmu iki disek pacare akeh. Utawi ngomongi anak cilik, ngumbar aib bapake kancane. Le, bapakmu iku sakjane ndablek, sekolahe sering gak munggah lan kalimat-kalimat lintune ingkang sering kito pirengaken teng pasar lan naliko jagongan.
ADVERTISEMENT
Rahasianipun kinging punopo kito sami jogo aib lan kekurangan antaranipun, kito mboten marisaken keele’an dateng anak, putu lan keluarga ngantos masyarakat kito. Milo monggo sami jagi rahasia kito sedoyo gih, keranten ancamane saru sanget menawi kito seneng ngumbar keelakan dan duso kito. Mugo kelawan sareng-sareng njagi, kito saghet didosaken insan ingkang mu’afa utawi kaulo ingkang dingapuro.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Itulah contoh naskah khutbah untuk sholat Jumat dalam bahasa Jawa. (WWN)
ADVERTISEMENT