Konten dari Pengguna

15 Contoh Geguritan Tema Kemerdekaan Indonesia

Inspirasi Kata

Inspirasi Kata

Menyajikan artikel berisi kata-kata, kutipan, dan kalimat yang menginspirasi pembaca.

·waktu baca 7 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Inspirasi Kata tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Ilustrasi Geguritan Tema Kemerdekaan. Foto: Unsplash/James Tiono
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi Geguritan Tema Kemerdekaan. Foto: Unsplash/James Tiono

Tidak lama lagi, seluruh masyarakat Indonesia akan merayakan HUT RI ke-79. Menjelang hari bersejarah tersebut, masyarakat Indonesia akan menggelar berbagai perlombaan. Salah satu lomba yang kerap diadakan yaitu lomba membaca geguritan tema kemerdekaan.

Tidak hanya membaca puisi dalam bahasa Indonesia, tidak jarang pula diadakan lomba baca puisi dalam bahasa daerah seperti bahasa Jawa yang biasa disebut sebagai geguritan.

Dikutip dari buku Antologi Geguritan, Tresna lan Kuciwa, PBSD UNS 2019, (2019:19), geguritan merupakan sebuh karya sastra wujud puisi yang menggunakan bahasa Jawa.

Daftar isi

Contoh Geguritan Tena Kemerdekaan

Ilustrasi Geguritan Tema Kemerdekaan. Foto: Unsplash/Mufid Majnun

Berikut adalah beberapa contoh geguritan tema kemerdekaan Indonesia.

Contoh 1

“Pahlawanku”

Abang putih

Ginebermu tanpa Sayah

Nadyan wes akeh

Riwe..luh lan rah

Sing wutah NKRI dudu negara sing diwenehi

Nanging..

NKRI bisa ngadhek ing bumi

Merga para pejuang negari Kanggo kamardhikan ibu pertiwi

Contoh 2

“Tangise Bumi Pertiwi”

Sabanjure,

Getih luntur ing bantala

Luh dlumewer saka netra

Nyawang saka kaca

Para putra bangsa

Andum tembang sesongaran

Para paraga

Nindakake

laku pancakara

Melik

Urip kadonyan

Rungokna pasambat lara

Bukaken kupingingmu

Ana sesambat ngayuwara

Kang Nandang lara

Rerintihan

Kadya jangkrik ngerik satengahe unine bedil gas

Apa sliramu mentala

Nyumurupi kahanan punika

Apa hora ana ing jiwamu

Rasa duhkita?

Mbok uwis

Dilereni pancakara iki luwih aji bangsa

Tinimbang kekareban dadi panguwasa

Contoh 3

“Marang Pahlawan”

Siji-siji kembangmu gugur

Siji-siji kembangmu prethel

Siji-siji godhongmu alum

Siji-siji godhongmu ceblok

Najan kembang lan godhongmu wis ilang

Nanging sliramu tetep mbudidaya amrih tekadmu bisa langgeng

Semangatmu tansah makantar tan suda

Mbesuk sewu godhong bakal trubus

Mbesuk sewu kembang bakal mekar.....

Contoh 4

“Dinten Pahlawan”

Wus pirang pirang abad

Nuswantara dijajah

Walanda

Kala semana

Larang sandang larang pangan

Akeh pagebluk

Akeh wong kang rekasa

Akeh wong kang sengsara

Kabeh sarwa kalunta lunta

Nanging, saiki wus mardika

Amarga para Pahlawan kang wani bela pati marang Nagara

Para Pahlawan toh tohan nyawa

Ngupaya

Nuswantara bisa mardika

Wus Pitung Puluh Sanga tahun Indonesia mardika

Nanging lelabuhan para Pahlawan tan kena lali

Amarga, negara kang becik iku

Negara kang nduweni

Bangsa Kang ora bakal nglalekake sejarah nagara

Contoh 5

“Gurit Pahlawan”

Pahlawan

Gahlawan

Tentaranipun GUSTI Ingkang soroh jiwa raga nyawa

Kanthi ikhlas rila

Kangge mulya saha luhuring

Nusa bangsa saha negari

Panjenengan besmi

Para pangembat pusaraning praja

Para anggota DPR

Sageda nulad

Perjuangan panjenengan sami

Contoh 6

“Pahlawanku”

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha

Semana gedhene bektimu

Jiwa raga, bandha donya

Tanpa sisa

Amung siji pangajabmu

Merdeka

Contoh 7

“Pahlawan”

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan

Tadah awak ora wedi marang kematian

Nyowomu kanggo pondasine kebebasan

Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut

Ngalawan misil misil kang semrawut

Kabeh lawan koe ajak gelut

Ra peduli najan awak podo benjut

Pahlawan, semangatmu koyo geni

Ngobong kabeh pasukane kompeni

Kanggo njaga lemah kang ditresnani

Indonesia merdeka,

Indonesia di ormati

Pitulas agustus taun papat lima

Opo sing diimpike dadi nyata

Saiki indonesia wes merdeka

Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia

Indonesia merdeka !!!

Indonesia merdeka !!!

Kabeh mergo perjuanganmu

Pahlawanku.

Contoh 8

"Kartini"

Kartini …

Sapa kang ora kenal panjenengan

Pahlawan kang mbela kaum wanita

Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda

Kartini …

Sanajan tinitah dadi priyayi

Duweni trah bangsawan

Kartini mbela emansipasi wanita

Mbela rakyat jelata

Kartini …

Wulan April iki dadi seksi

Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia

Habis Gelap Terbitlah Terang

Dadi bukti masa perjuwangan

Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita

Kartini …

Amarga jasamu

Wanita eropa lan wanita pribumi

Dadi duweni hak kang padha

Duweni hak pikantuk pendidikan

Contoh 9

"Ojo Podo Congkrah"

Ibu Pertiwi nandang keronto-ronto..

Hanyekseni putra putri sami congkrah...

Nangis....??

Luh tumetes ana ing bumi iki...

Ibu sedih ngger...

Eling... eling... elingo..

Perjuangane Bopo bopomu...

Ngrebut kamardikane bumi iki....

Ngusir para penjajah walanda...

Kanti lilo legowo toh nyowo..

Kanti lilo legowo ninggalke keluarga...

Kanti lilo legowo kelangan nyowo...

Kangko nglabuh labet ing negoro..

Elingo... elingo... elingo...

Welinge bopo bopo pejuang kito...

Openono ibu pertiwimu...

Terusno perjuanganku...

Ben ora muspro olehku gugur...

Ojo kok sia-sia ....

Ojo podho congkrah...!!

Contoh 10

"Pahlawan Kamardikan"

Pahlawan, kang dadi dalan kamardikan

Awak kang ora wedi marang kematian

Nglelakke nyowomu dadi pondasine kebebasan

Kanggo bebaske rakyat saking penindasan

Pahlawan, kang awan bengi lawan maut

Ngalawan musuh-musuh kang semrawut

Marang kabeh lawan kowe ngajak gelut

Ra mikirke awakmu pada benjut

Pahlawan, semangatmu wes koyo geni

Kang ngobong kabeh pasukan kompeni

Ingkang kanggo njaga negara kang ditresnani

Indonesia kang merdeka, Indonesia kang kita hormati

Ing tanggal pitulas Agustus taun papat lima

Kang diimpike dadi nyata

Indonesia saiki wes merdeka

Pahlawan, ingkang perjuangane tanpo sia-sia

Iki kabeh mergo perjuanganmu

Yaiku para pahlawanku

Contoh 11

"Nasibe Pejuang"

Nganti saiki wis ewonan liter getih kutah

Nganti saiki wis ewonan nyawa wis ilang

Nganti kaping wis ewonan luh kutah

Nangisi kadang kang pralaya

Merga ngupayakake kamardhikane bangsa

Ana rega sing kudu dibayar

Kanggo mujudake kamardhikane Indonesia

Kamardhikan sing ora mung impen

Kamardhikan sing bakal ngowahi sejarahe bangsa

Jamane pancen wis mardhika

Ananging isih akeh sing lali

Nora ngucap atur panuwun mring para pahlawan

Kang wis ngurbanane jiwa lan raga

Kanggo kamardhikane bangsa

Ing jaman kang wis sarwa kepenak

Akeh sing tumindake sapenakake dhewe

Para pejuang dilalekake

Para pejuang dijarake

Urip kelunta-lunta

Ing dalan-dalan

Nempil kawelasan kanggo nyambung

Urip ing dina kang tansaya rengka

Ing ngendi papan dununge rasamu

Nyawang pawongan sing wis wani

Kekancan pati murih kamardhikan

Dudu sawates ana ing alam impi

Sliramu ngguyu lakak-lakak

Mbuwang panganan sapenake

Mangka pawongan sing merjuangake

Kamardhikan sasate ora nate

Mung bisa kelebon sega wetenge

Yen ana wong kang kersa

Andum kawelasan marang slirane

Contoh 12

"Kemerdekaan Ing Tanah Jawa"

Ing tanah Jawa, kaya budaya lan sejarah

Ing sana wis dados tumrap wong Jawi sejati

Pahlawan-pahlawan, wus suwung wiwit ambruk

Perjuangan kanthi semangat, mardika wis diraih.

Adiluhung negeri iki, kahananipun sang prabu

Kang ngalindhungi wong Jawi, dhateng tembok ndalem priyayi

Dhawuhing semangat, kewan suwung rasa semedi

Kemaduwaan negeri, mardika dadi nyata.

Ora mung ing tanah Jawa, tetep rasa mardika

Nanging kersaning Nusantara, nyambut suwung bangga

Dene kulo mugi-mugi, tanpa ala lan emban

Nusantara tetep kokoh, mardika lan sentosa.

Contoh 13

"Punggawaku"

Indonesiaku wis merdika

Ngorbanake jiwa lan raga

Saka regemane negara manca

Di oyag nganggo barang ra guna

Punggawaku

Indonesia butuh awakmu

Negara butuh pitulanganmu

Aja polah karepe atimu

Ora kudu perang lagi diarani pahlawan

Cukup lumakumu aja nganti kedanan

Ja wedi ra koman lan ra mangan

Indonesia butuh pitulungan ora akal-akalan

Contoh 14

"Jendral Soedirman"

Agine crita urung rampung

Getih mlarah-mlarah

Ngobar ati padha gerah

Mlaku mlaku masang tadhah

Wong éwon sing padha takon

Sapa jané

Swara watuk ngukluk satengahé alas

Adoh kana adoh kéné

Ora sangu bandha ora sangu dhuwit

Among dhadha ora tédheng aling-aling

Hawa adhem anyeb remesep

Udan deres awak bengkeres

Swara watuk tengah wengi

Ora patia genah larané

Nggugah tangi wong turu lali

Ana jubah kenang barat klebat klébét

Ambuné wangi ngiteri bumi

Wong éwon sing padha takon

Sapa jané priyayi désa sing luhur budiné

Gedhé tékadé sundhul langit tekané

Ora gemedhé tindhak tandhuké

Pangandikané alon nanging émas isiné

Neng dhadhané ana gendéra abang putih

Urubé madhangi jagat

Swara watuk tengah wengigemluthuk kaya gunung bledhug

Udan deres kayon pating penthiur

Teken komandho dejunjung dhuwur

Gerah paru ora ngurangi tékad

Madhep mantep tetep madeg

Tlasap tlusup milangi desa

Ora ana bedhil apa mortil

Sing bisa ngalahna wutahing getih sukma

Kejaba pati saking illahi gusti!

Contoh 15

"Wutah Getihku"

Gumelar jembar bumi asri

Sumunar sumringah sunare bagaskara

Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara

Bumi pusaka wus kawentar

Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani

Wutah getihku daktresnani

Kawulamu….

Guyub rukun anambut kardi

Jeroning swasana tentrem lan mardika

Gilig ing tekad manunggal

Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila….

Korban jiwa raga kanggo bumiku

Nadyan awak ajur dadi sawur

Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi

Labet raharjaning nagara

Lumantar iki….

Isining atiku ginurit

Prasetyaku thukul saka ati kang tulus

Njaga langgenging kamardikan

Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

Baca Juga: 110 Kata-Kata Semangat Kemerdekaan untuk Caption Media Sosial

Itulah beberapa contoh geguritan tema kemerdekaan Indonesia yang bisa digunakan sebagai referensi lomba dalam rangka memeriahkan HUT RI ke-79.(Adm)