Konten dari Pengguna

Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa tentang Kehidupan Sehari-hari

Kabar Harian
Menyajikan beragam informasi terbaru, terkini dan mengedukasi.
5 Agustus 2024 18:32 WIB
·
waktu baca 8 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tulisan dari Kabar Harian tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan
cerita pendek Bahasa Jawa, Unsplash/ Farhan Abas
zoom-in-whitePerbesar
cerita pendek Bahasa Jawa, Unsplash/ Farhan Abas
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
Cerita pendek Bahasa Jawa atau biasa disebut dengan cerkak Bahasa Jawa merupakan cerita pendek yang ditulis menggunakan Bahasa Jawa. Meski menggunakan bahasa daerah, tetapi ceritanya seru-seru untuk dibaca.
ADVERTISEMENT
Cerkak Bahasa Jawa juga memiliki susunan seperti cerpen Bahasa Indonesia yang dimulai dari eksposisi dan berakhir pada tahap penyelesaian. Namun, untuk detailnya tetap bergantung pada akur cerita itu sendiri.
Umumnya, cerita pendek berbahasa Jawa sering dicari untuk memenuhi tugas sekolah. Sementara untuk bahan bacaan, masih jarang orang membaca cerita berbahasa Jawa karena kendala pemahaman bahasa.

Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa

cerita pendek Bahasa Jawa, Unsplash/ Farhan Abas
Bagi yang sedang bingung mencari cerita berbahasa Jawa baik untuk bahan bacaan atau mengerjakan tugas sekolah, berikut akan dibahas beberapa contoh cerita pendek Bahasa Jawa dengan tema kehidupan sehari-hari:

1. Preian Sekolah Menyang Ndaleme Kakungku

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari. Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4 jam.
ADVERTISEMENT
Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan alas.
Aku lan keluarga budal teko omah jam 7 esuk numpak mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku. Aku maleh duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebon e kakung.
Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak e ameh tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah e seneng banget karo katekananku. Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah nek desone kakungku.
ADVERTISEMENT

2. Lomba Cerdas Cermat Sekolah

Nang dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa “Lomba Cerdas Cermat”, sing arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai dhuwur. “Farah, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?” Dafi ngesem, “Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Farah sing banjur mlaku nuju kancane “Dafi, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?
Ya ora kanca-kanca”, Dafi lan Farah lungguh “iya aku lan Maya setuju karo usulan Dafi kuwi”, Lia lan Maya njawab barengan “Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”, Farah ngesem “Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafi ndeleng Farah “Eh kanca-kanca awake dhewe menyang perpustakaan yo”, Farah ngajak kabeh kancane “iya yo aku uga pengen maca buku”, kabeh kancane njawab karo barengan.
ADVERTISEMENT
Farah lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Rere pengen lunga menyang toilet “eh Ana aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis ora kuwawa ki” Rere jaluk izin marang Ana “haha, iya cepet menyang toilet kana ” Ana nggumuyokake Rere “nuwun ya”, Rere mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Farah lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh “akhire nganti uga neng perpustakaan”, kondho Dafi marang kancane kabeh lan dheweke banjur nggoleki buku-buku sing pengen diwaca.
“Ana, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik”, Farah mlaku nggoleki-golek buku sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika”, Ana nuli ngesem lan Dini, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikan sekolah dan persahabatan. Rere sing mau menyang toilet mau banjur bali menyang perpustakaan meneh, neng tengah dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan wedok kuwi nuli nyeluke.
ADVERTISEMENT

3. Katresnan Instagram

Ajuning kemajuan jaman prasasat datan bisa dibendung maneh, jarene wong akeh sinebut globalisasi. Globalisasi dewe, saumpama dijarwakake kanthi basa jawa yaiku tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga saking majune teknologi kang anjrah engga tekan karang padesan. Dadine, nadyan ana suwaliking bumi bisa krasa cedhak merga majuning tehnologi kang ora tinemu ing jaman sadurunge.
Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo anake sing mapan ana Jakarta yo gelem ora gelem kudu menyang Jakarta. Utawa suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad ora sethithik yen bakal sesambungan. Umpama bisa sesambungan, sranane telpon ana wartel, kirim layang utawa telgram.
ADVERTISEMENT
Ning saiki, tahun 2022 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo keluarga sing mapan ana Amerika wis dudu barang angel maneh. Sing jenenge Handphone prasasat wis pating glethak saben papan. Tegese HP wis dudu barang larang maneh. Jaman aku sekolah kepungkur, aja kok ngimpi nyekel HP, selagine gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae cekel-cekelane HP, lha apa ora jamane wis owah?
Kamangka, bocah SD saiki kathik sing jenenge nyekel komputer wis canggihe ora jamak. Sejene kuwi, internet, twitter, engga sing aran Facebook anjrah tekan karang padesan. Mbukak sing jeneng facebook, twitter, yahoo massanger, lsp ora kudu ndadak nyang warnet, bisa diakses liwat HP. Mula ora jeneng aneh maneh, yen donya sing jembar ngilak-ilak prasasat dadi cupet tanpa wates.
ADVERTISEMENT
Contone, FB, Twitter, Instagram, bisa dadi srana kanggo iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama, lan uga ngudi ngelmu. Yo merga ngenut ombyaking jaman iku, aku reka-reka melu gawe akun Instagram, Kanyatan, ora nganti let sasen-sasen akun IG-ku wis tambah kanca nganti ewonan wong. Senadyan durung nate ketemu, nanging lewat akun kekancan IG iku awakku bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora tak ngerteni papan dununge.

4. Mlebu Sekolah SMA

Sak uwise perian sekolah suwe, sesok wayae mlebu sekolah ugo golek ilmu kanggo sangu mbesuk gede. Ora kroso ati iki mulai gugup amergo sesok bajur uwes sekolah ing SMA. Aku ketrimo ing SMA sing tak pengeni kang panggonane ono kuto gede. Aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar, guru anyar lan pengalaman anyar. Bapak lan Ibu juga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo.
ADVERTISEMENT
Ora lali aku ugo dikandani lek sekolah ing kuto kudu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat agama! Ora kroso dino kang ditunggu tibo. Tepate dino senin aku di terke bapak menyang sekolah gawe seragam anyar lengkap. Aku diterke sampe gerbang ngarep sekolahan terus pamitan lan bapakku muleh. Bapakku matur. “Lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak papak” “Enggeh Pak !!”, jawabku.
Aku lekas melbu sekolah nuju lapangan kang uwes ono akeh bocah anyar baris. Dino iki enek kegiatan sing diarani “MOS”. Dadi, poro murid anyar bakal dikenalke karo lingkungan sekolah sing suwene 3 dino. Acara MOS iku dimulai pembukaan upacara bendera, wejangan soko bapak kepala sekolah, perkenalan lingkungan lan lio-liane. Aku seneng banget duweni kesempatan iso sekolah SMA ing kuto. Aku berjanji karo awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku iso luweh berprestasi, sregep lan iso manggakne wong tuaku loro karone.
ADVERTISEMENT

5. Tuku Sepeda

Ing sore kang cerah, kejaba Wina katon lunggung ono kursi ngarep omahe. Ulate mbesungut, atine katon nggondok. “Buk, bapak dereng rawoh ta? Kok suwe eram.” Pitakone Wina marang ibune. Ugo tibak e wisnu wes dijanjeni bapak e arep dijak mlaku-mlaku sore menyang toko sepedah. Wina terus kelingan janjine bapak yen dhewek e biso rangking 1 arepe di tumbasne sepedah anyar koyok sing wes dipingini wisnu katon suwe.
“Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!”, jawab e ibuk. Wina nimpali dawuhane ibuk, “Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne aku sepedah anyar lo buk, mosok bapak kesupen ya!”. Ora suwe banjur ono suworo motor melbu nek ngarep omah, Wisna langsung mlayu mastekne yen suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.
ADVERTISEMENT
“Hore, Bapak rawuh……. Bapak rawuh……..”. Wina Sorak-sorak bungah atine. Wina sing awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat. Polae dino iki mau Wina tompo rapot lan dilalahe oleh ranking 1. “Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wina kan?”, Wina mastekne menyak bapak e.
“Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le….. ayo gek dang adus terus budal tumbas sepedah”, jawabe bapake wina. Banjur tanpo basa-basi Wina langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding ados. “Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet”. Batine Wina.
Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran merok-merok. Bar kui langsung nemoni bapak e sing wes siap budal ngenteni nek ngarep omah. Ing toko sepeda, Wina sampek bingung milih sepedah sing di pingini. Akeh pilihan sepedah sing di tawarke mulai rego 1jt – 3jt apik-apik tur warnane katon nyenengke. Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing toko, wisnu mulai sreg karo salah sijine sepeda kang warnane orange.
ADVERTISEMENT
Membaca cerpen atau cerita pendek Bahasa Jawa sangat cocok dilakukan untuk orang-orang yang ingin lebih mengenal bahasa daerah salah satu suku di Indonesia ini.