Konten dari Pengguna

Contoh Sesorah Bahasa Jawa untuk Acara Resmi

Kabar Harian

Kabar Harian

Menyajikan beragam informasi terbaru, terkini dan mengedukasi.

ยทwaktu baca 2 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Kabar Harian tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

ilustrasi contoh sesorah bahasa jawa. sumber: unsplash/panos sakalakis
zoom-in-whitePerbesar
ilustrasi contoh sesorah bahasa jawa. sumber: unsplash/panos sakalakis

Pidato merupakan sarana penting dalam menyampaikan gagasan dan pesan kepada khalayak umum. Dalam tradisi Jawa, pidato disebut juga sebagai sesorah. Contoh sesorah bahasa Jawa menjadi media untuk mengungkapkan pikiran dengan tata bahasa yang halus.

Melalui Menjaga Desa sebagai Desa, Muhammad Ansori (2023:85) menjelaskan sesorah sebagai cara menyampaikan ajaran secara lisan. Ajaran ini berupa ajaran masyarakat yang disampaikan turun temurun.

Pengertian dan Contoh Sesorah Bahasa Jawa

ilustrasi contoh sesorah bahasa jawa. sumber: unsplash/abhishek yadav

Sesorah memiliki struktur tertentu yang wajib diperhatikan, meliputi pambuka, isi, dan panutup yang disusun runtut serta selaras. Berikut contoh sesorah bahasa Jawa dalam acara perpisahan siswa tingkat SMA:

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dumateng panjenengan sedaya dalasan kula.

Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala SMA Negeri 3 Langgeran, Muspika kecamatan Langgeran, Bapak/Ibu para rawuh dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya.

Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun palajaran 2023/2022 kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda.

Bapak Ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,

Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 3 Langgeran ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan menika, kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 3 Langgeran menika.

Kula sakanca ngaturaken agungin panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng bapak Kepala sekolah, minangka manggalaning pra Dwija SMA Negeri 3 Langgeran, bapak saha ibu dwija dalasan karyawan SMA Negeri 3 Langgeran ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan, kacihna kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian Nasional saha Ujian Sekolah kanthi sae.

Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMA Negeri Langgeran langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Langgeran. Amin.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca juga: 8 Contoh Sesorah Bahasa Jawa Singkat dalam Berbagai Tema

Contoh sesorah bahasa Jawa tidak hanya sebagai sarana komunikasi, melainkan juga bentuk pelestarian tradisi luhur. Melalui sesorah, nilai kesantunan dan penghormatan diwariskan kepada generasi muda secara berkelanjutan. (HAN)