Go-Car Tanpa Jendhela

Kamilah Sadiyah
Mahasiswa Ilmu Komunikasi Universitas Airlangga
Konten dari Pengguna
27 Januari 2024 14:10 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tulisan dari Kamilah Sadiyah tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan
Gambar: Dok. Pribadi
zoom-in-whitePerbesar
Gambar: Dok. Pribadi
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
Minggu wingi, salembar kertas arupa undangan mantenane Paijo lan Iyem diterima Sumi lan Yati. Sejatine, Paijo lan Iyem iku kancane Sumi lan Yati pas isih adol kringet dadi TKI ing Arab. Ngeruhi kancane arep rabi, Sumi lan Yati ngerasa seneng.
ADVERTISEMENT
Sumi wis duwe rencana gawe marani Yati, dheweke arep takok kesiapane Yati gawe acara mantenane Paijo lan Iyem. Pas Sumi are budhal, lawang omahe
Sumi ana sing mbukak, “krekkkk…..” ”Assalamualaikum!” ujare Yati. “Waalaikumsalam, loh Ti aku arepe budhal nang omahmu,” jawabe Sumi. “Lhoalah, ketepakan. Yaapa? Wis cepak- cepak ta gawe mantenane Iyem?” pitakone Yati marang Sumi. “Lha iku, aku arep ngajak kowe ing salone tanggaku, fasilitase lengkap, asil dandanane apik, regane murah pisan,” jawabe Sumi karo ngguya- ngguyu. “Wis sip, aku setuju!” kandhane Yati singkat lan katon sumringah.
Seminggu sawise, dina Sabtu isuk, Yati budhal menyang omahe Sumi. Satekane Yati, Sumi lan Yati ageh- ageh budhal nang salon. Sumi lan Yati wis seneng amarga arep dadi ayu kayata artis. “He Sum, mengko kene budhal ing mantenan numpak apa?” pitakone Yati karo mlaku. “Aku ya ora weruh Ti,” jawabe Sumi karo mikir. “Ya wis dipikir mengko bae..” pungkase Yati.
ADVERTISEMENT
Sumi lan Yati teka ing salon lan langsung dibraeni, karo bisik-bisik Sumi tetep nakoni Yati, dheweke lan Yati arep numpak apa. Bianca, wong salon sing mbraeni Yati krungu lan menehi saran. “Lho Sum, kowe durung weruh arep numpak apa ta?” pitakone Bianca teges. “He.. he… iya ca, aku isih bingung, polahe peda motorku ya lagi rusak,” jawabe Sumi. “Lhoalah Sum, jaman wis modern, masa kowe ora weruh aplikasi Go-Jek?” ujare Bianca karo masang idep palsu kanggo Yati. “Lho, eh iya ya ana aplikasi Go-Jek, suwun wis diilingno” jawab Sumi singkat. “Yati nyauti, “Lho iya Sum, lali saiki kan wis ana gojeb eh Go-Jek.” Sumi lan yati namung inggah inggih ora kepanggih.
ADVERTISEMENT
Beres dibraeni, Sumi lan Yati mulih ing omahe Sumi. Sumi lan Yati katon seneng banget amarga asil dandanane apik. Sumi lan Yati ora sabar paijo lan iyem panggling nyawang Sumi lan Yati. Karo mlaku, Yati nggoleki aplikasi gojek nang hpne kanggo diinstall, nanging, sejatine Yati ya ora weruh apa iku Go-Jek. “He Sum, endi sing jenenge Go-Jek iku?” pitakone Yati. Sumi ya ketok bingung, asline dheweke ya ora weruh, nanging dheweke isin yen Bianca ngerti Sumi iku gaptek. “Mmm, endi ya? Aku ya ora weruh e..” jawab Sumi lirih. Untunge Yati isih isa ndeleng video Youtube, dadi Yati isa ngerti tata cara nginstall aplikasi gojek. Ngeruhi iku, Sumi ngerasa iri, dheweke nyaut hpne yati lan ngomong “Eh Ti, aku wis iling, kene aku ae sing pesen”
ADVERTISEMENT
Ngerteni iku Yati seneng amarga Sumi isa mesenno angkutan sing arep ditumpaki. Sepuluh menit sawise, Sumi lan Yati sakala padha njenggirat, angkutan umum sing teka malah montor pick up. Rasane Yati getem- getem marang Sumi amarga sumi isane mung nggadho ati. “Weruh ngunu aku sing pesen sum,” ujar Yati karo nesu. Tibake sumi salah mencet Go-Box, dadi sing teka montor bak. Yati sing nesu ya ora isa muring- muring. Sumi asline ya bener- bener ora weruh apa lan kepriye aplikasi Go-Jek iku
Bandha rai gedheg, Sumi lan Yati kepeksa budhal numpak pick-up amarga wektune mepet lan wedi telat. Montor bak sing ora ana jendhelane iku ngeterake Sumi lan Yati ing gedhung acara mantenane Paijo lan Iyem. Pungkasane, Sumi lan Yati teka mantenan ora arupa wong wadon sing ayu, malah dadi guyonane para tamu.
ADVERTISEMENT