12.234 Bocah Umur 12-17 Taun nang Kota Tegal Wis Disuntik Vaksin

Konten Media Partner
7 Agustus 2021 16:36 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pelajar nang Kota Tegal ngantri vaksinasi.
zoom-in-whitePerbesar
Pelajar nang Kota Tegal ngantri vaksinasi.
ADVERTISEMENT
KOTA TEGAL — Pemerintah Kota Tegal nargétna vaksinasi COVID-19 maring Sacuilé 26.293 bocah umur 12-17 taun. Seka jumlah kuwé, 12.234 utawa 46,53 perséné wis dicucus vaksin.
ADVERTISEMENT
"Termasuk pelajar, mlebuné klompok anak/nomnoman umur 12-17 taun. Lan capaiané wis lumayan apik utawa 46,53 persén," jaré Kepala Dinas Keséhatan Kota Tegal dr. Sri Prima Indraswari lubar rakor percepatan vaksin nang Gedung Adipura, Koloman Balé Kota Tegal, dina Jemuah (6/8/2021).
Prima ngomong, program vaksinasi pancén diklompokna jeronéng pirang-pirang umur. Molai seka 12-17 taun, 18-59 taun, lan umur 60 taun maring ndhuwur.
"Sing bocah-bocah utawa nomnoman nganggo vaksin sinovac. Tapi saiki vaksin sinovac lagi kosong, dadi sementara selanjuté ditunda. Soalé angger dosis pertama sinovac ya ke loro kudu sinovac," jaré Prima.
Senajan vaksin sinovac kosong, kegiatan vaksinasi ésih terus lanjut. Soalé, pihaké ésih nduwéni stok vaksin AstraZeneca nganti 18.000 sing bisa dienggo nggo dosis pertama.
ADVERTISEMENT
"Soalé sinovac-é lagi kosong, angger umur 18 taun mendhuwur bisa nganggo Astrazeneca sing ésih ana stok 18.000," jelasé.
Sadurungé, stok vaksin sinovac nggo dosis ke loro nang Kota Tegal diperkirakna pan enték dina wingi. Wali Kota Dédy Yon Supriyono njaluk Pemprov Jateng utawané Pusat nggo gagiyan nambahi stok vaksin maring Kota Tegal.
"Dina kiyé anjog soré ndéyan stoke enték. Nyong ngarep-arep seka Pemréntah Provinsi utawané Pemréntah Pusat ngesuk ésuk paling ora wis ana. Kuwé tuntutané dhéwék," omongé Dédy lubar mimpin Rakor Percepatan Vaksinasi, nang Adipura Koloman Balé Kota, dina Jemuah (6/8/2021).
Dédy ngarep-arep pemréntah gagiyan nanggepi. Dadiné vaksinasi nggo dosis ke loro sing nang endi dosis pertama uga wis nggunakna vaksin sinovac bisa terus lanjut.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék wis kirim surat lan keadaan kiyé wis dingerténi dadi aja kosih Pemréntah Provinsi lan Pemréntah Pusat nyia-nyiakna nggo daérah sing jelasé tenagané siap, genahé siap, fasilitasé siap uga wongé siap, tapi vaksiné diwékena kari," jaréné.
Dédy njaluk kekait distribusi vaksin diupayakna deléng kesiapan daérah nggo nganakna vaksinasi. Sebab, dikuwatirna kapan keléwat lawas dibenahi kualitasé uga pan temurun.
"Aja kosih vaksin kuwé uga nggo daérah-daérah sing ora siap, kiyé mengko vaksiné kesuwén, kiyé kan uga ora apik," jaré Dédy. (*)