436 Wong nang Kabupatén Tegal Mbatalna Mangkat Kaji

Konten Media Partner
11 November 2022 21:09 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bupati Tegal Umi Azizah nyalami wargane sing balik kaji nang asrama haji Donohudan, Boyolali Jawa Tengah, Juli 2022 lalu. (Dok. Humas Pemkab. Tegal)
zoom-in-whitePerbesar
Bupati Tegal Umi Azizah nyalami wargane sing balik kaji nang asrama haji Donohudan, Boyolali Jawa Tengah, Juli 2022 lalu. (Dok. Humas Pemkab. Tegal)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Nganti per wulan November 2022, sacuilé ana 436 calon jemaah haji nang Kabupatén Tegal, Jawa Tengah mbatalna mangkat kaji maring Tanah Suci Makkah.
ADVERTISEMENT
Calon kaji wis ninggal sadurungé waktu mangkatané dadi salah siji penyebabé, saliyané merga alasan ékonomi.
“Data calon jemaah haji sing mbatalna mangkatané kuwé sumberé seka Siskohat (Sistem Informasi dan Komputerisasi Haji Terpadu),” ungkapé Kepala Seksi Penyelenggaraan Ibadah Haji dan Umroh Kantor Kemenag Kabupatén Tegal, Mujahidin Nur Buhan, dina Kemis (10/11/2022).
‎Mujahidin ngungkapna, ana pirang alesan dibatalna. Antarané calon jemaah haji wis ninggal dunya, lan ana uga merga alasan ékonomi, karo ana pirang alesan liyané.
“Sing jelas angger ana nomer kursiné, tanda bukti pendaftaran, ana surat pernyataan batal, ana rékening, nyong prosés maring pusat bagian pembatalan. Mengko sing nglanjutna Kemenag pusat,” jaré Mujahidin.
Mujahidin ngungkapna, data calon jemaah haji sing mbatalna ora sida mangkat digawé daning Kemenag labupatén lan kota. Hal kiyé seka anané calon jemaah haji utawa kluwargané sing teka nggo mbatalna ora sida mangkat.
ADVERTISEMENT
Sawisé diprosés neng Kemenag pusat, ‎mengkoné biaya kaji sing wis dibayarna wektu ndaftar dibalakna maring calon jemaah haji utawa ahli warisé. Proseduré telung dina kudu wis dikirimna maring Kemenag pusat.
“Mengko biayané dibalakna langsung maring rékening,” ‎jaré Mujahidin.
Mujahidin, ora bisa mastikna apa gara-gara kesuwén ngenténi mangkatané dadi alesan dibatalna. Tapi angger ngacu ‎neng kuota sing diolihna Jawa Tengah seakéh 13.776 wong, dadi masa tunggu haji nang Kabupaten Tegal angger ndaftar taun kiyé bisa nganti 46 taun.
“Kuota wingi nang Jateng‎ 13.776 seka biasané sekitar 30.000. Jumlah sing ndaftar dibagi 13.776, dadi hasilé larikané dawa,” jaré Mujahidin.
“Tapi mengko angger normal maning kaya 2019, ‎jumlah sing ndaftar dibagi 30.000 kan larikané sacuil. Angger normal, masa tungguné 30 taun. Muga-muga mengko bisa normal lan kuotané ditambah,” pungkasé.
ADVERTISEMENT
Kaya dingerténi, Kemenag Jawa Tengah ngungkapna sajegé Januari-November 2022 ana 6.888‎ calon kaji nang Jawa Tengah sing mbatalna ora sida mangkat. Seka jumlah kuwé, paling akéh seka Kabupatén Tegal seakéh 436 wong. (*)