Acara Hajatan nang Tegal Wayah Program 'Jateng nang Umah Baé Gawé' Gégér

Konten Media Partner
8 Februari 2021 20:52 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tangkapan layar video acara pernikahan yang digelar salah satu hotel di Slawi, Sabtu (6/2/2021). (Foto: @tegalhits)
zoom-in-whitePerbesar
Tangkapan layar video acara pernikahan yang digelar salah satu hotel di Slawi, Sabtu (6/2/2021). (Foto: @tegalhits)
ADVERTISEMENT
SLAWI — Vidio acara hajatan kawinan nang wayah diterapnané program "Jateng nang Umah Baé" viral neng media sosial. Acara kuwé dianakna nang salah siji hotél sing ana nang Slawi, Kabupaten Tegal, dina Saptu (6/2) wingi.
ADVERTISEMENT
Neng vidio sing diunggah daning akun tegalhits kuwé nggambarna jelas wayah tamu-tamu uleman antri manjing maring gedung, tempat rubungan dianakna. Neng unggahan kuwé uga diwéin keterangan, "Toblééééééh … bisa kaya antri ndeleng konsér Bon Jovi lho".
Salah siji rélawan BPBD Kabupatén Tegal, Wiwit Rian, dina Ahad (7/2/2021) ngiyakna angger rubungan neng vidio sing viral nang médsos kuwé kedadén nang Hotél Grand Dian Slawi nang dina Saptu (6/2/2021). Dhéwéké bareng karo rong batiré pancén ditugasna daning Satgas COVID-19 nggo njaga ébén kegiatan kuwé nerapna protokol keséhatan.
"Acara kuwé dilaksanakna soalé pancén wis olih ijin seka Satgas COVID-19 Kabupatén Tegal. Lan sajroné pelaksanaané wis nerapna protokol keséhatan sing ketat," jaréné.
Sajroné pelaksanaan rubungan kuwé, Wiwit nglanjutna, panitia lan tamu uleman wis nerapna protokol keséhatan, bangsané nganggo masker, sarana isuh-isuh tangan. Malah, wayah manjing maring gedung acara, jumlah tamu dilakoni nganggo cara genténan.
ADVERTISEMENT
"Dadi antrian sing kaya neng vidio kuwé kedadén ya soalé tamu sing pan manjing maring gedung dhéwék watesi, ébén ora kedadén rumbengan. Antri kuwé soalé tamu manjing genténan. Sing jelas, jumlah tamu sing manjing kuwé kurang seka separo kapasitas gedung," ungkapé.
Bupati Tegal, Umi Azizah uga ngiyakna ari wayah dina pertama pelaksanaan program 'Jateng nang Umah Baé', ana acara sing dilaksanakna nang Hotél Grand Dian. Kegiatan kuwé wis olih ijin sing Satgas COVID-19.
"Iya nyong wis ngarti. Soalé pancén nyong dhéwék sing nandatangai rékomendasi kuwé. Ijin kuwé diajukna lan ditandatangani adoh sadurungé Surat Édaran Gubernur Jawa Tengah metu," jaréné.
Latané, Umi negasna, sawisé olih rékomendasi, panitia ya nyebarna uleman acara rubungan kuwé. Tapi, jebulé pirang-pirang dina selanjuté muncul SÉ Gubernur Jawa Tengah ngenani program Jateng nang Umah Baé. Soalé wis kadung nyebarna uleman, akhiré rubungan kuwé tetep dilaksanakna karo tetep nerapna protokol keséhatan.
ADVERTISEMENT
"Ya uleman wis nyebar, lan kiyé rubungan kawinan sing jelasé nglibatna besan loro seka pengantén. Dhéwék pan menging uga pimén ya. Tapi dhéwék negasna kudu tetep njaga prokés. Dadi ana loro acara rubungan, wingi lan dina kiyé nang Hotél Grand Dian," tegasé. (*)