Konten Media Partner

Ana 62 Wadulan Pinjol Ilégal nang OJK Tegal, Tapi Laka sing Lapor maring Polisi

21 Oktober 2021 19:53 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolres Tegal Kota, AKBP Rahmad Hidayat
zoom-in-whitePerbesar
Kapolres Tegal Kota, AKBP Rahmad Hidayat
ADVERTISEMENT
KOTA TEGAL — Ana 62 wadulan utawa pengaduan sing manjing maring Otoritas Jasa Keuangan (OJK) Tegal kekait pinjaman online (pinjol) ilégal sajegé pengaduan kuwé manjing seka wulan Januari ngantikan Séptémber 2021.
ADVERTISEMENT
Kepala OJK Tegal Ludy Arlianto ngomong, aduan kuwé, akéhé merga telung hal. Pertama, soal légalitas pinjol, ke loro kekait karo tindakan penagihan daning pihak pinjol sing jaré konsumén dianggep ora lumrah.
Latané ke telu soal keberatan ngenani pembayaran angsuran utawa bunga ngantikan denda. Pengaduan kesebut disampékna daning warga metung saluran pengaduan telpon lan whatsapp soalé OJK durung nglayani pengaduan tatap muka sajegé awal pageblug Corona.
Tapi kaya kuwé, ngantikan saiki durung nganti ana warga sing krasa dadi korban pinjol ilégal. Mugané dhéwéké durung nggawé laporan nganggo cara resmi maring pihak kepolisian.
Kapolres Tegal Kota, AKBP Rahmad Hidayat ngomong, pihaké njaluk masarakat nggo wani nglapor angger pancén krasa dadi korban pinjol ilégal.
ADVERTISEMENT
"Sementara durung ana laporan seka warga kekait pinjol ilégal. Tapi dhéwék wis sosialisasi, angger pancén ana sing dirugikna gagiyan nglapor maring dhéwék lan pan ditindaklanjuti," jaré AKBP Rahmad wayah nekani acara nang Pendapa Tegal Timur, dina Slasa (19/10/2021).
AKBP Rahmad ngomong, sesuai instruksi Presidén Joko Widodo metung Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo ébén nindak teges pinjol ilégal sing ngresahna masarakat.
"(Laporan) mesti baé dhéwék tindaklanjuti. Soalé kiyé wis perintah seka Presidén, Kapolri, lan wis dadi jalukan perhatian sakabéhanéng pihak," omongé Rahmad.
Mugané kuwé, warga dijaluk ora perlu wedi nggo nglaporna maring kepolisian. "Warga ora perlu isin utawa wedi nglapor. Angger pancén ana pinjol ilégal pan dhéwék tindak," pungkasé Rahmad. (*)
ADVERTISEMENT