Ana Wong Lanang nang Bumiayu Brebes Ditemukan Ninggal Wis Bonto nang Kos-kosan

Konten Media Partner
16 November 2022 20:32 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Aparat wayah evakuasi  mayid wong lanang sing ditemukna wis bonto neng kamar kos.
zoom-in-whitePerbesar
Aparat wayah evakuasi mayid wong lanang sing ditemukna wis bonto neng kamar kos.
ADVERTISEMENT
BREBES – Warga Adisana, Kecamatan Bumiayu, Brebes pada héboh gara-gara ana mayid wong lanang ditemukna wis bonto neng kamar kos, dina Slasa (15/11/2022). Dingerténi, wong lanang sing inisialé SPS (42) kuwé warga seka Kabupatén Simalungan, Sumatera Utara.
ADVERTISEMENT
Kapolsek Bumiayu Brebes, Kompol Heri Riyanto ngomong, kedadénan awalé wektu kancané sing pada-pada ngekos ngaku selama rong dina ora ngileng korban ora nglakokna apa-apa neng niaba kamar.
“Sadurungé, korban katon larané kumat yakuwé watuk-watuk baé. Merga penasaran latané kancané korban ndodok lawang kamar lan nyeluki arané korban ping kopang-kaping tapi ora ana tanggepan seka njero kamar,” jaré Heri Riyanto.
Merga lawang kamaré korban kekunci, jaré Heri, akhiré kancané korban mbuka lan ngintip seka jendéla kamaré korban.
“Wektu diileng seka jendéla kamar, korban katon turuné ngatang-ngatang neng ndhuwur kasur karo kondisi rainé wis mbengkak lan ambuné wis ora enak nemen,” ungkapé.
Kedadénan kuwé latané dilaporna maring Polsek Bumiayu. Sawisé polisi ngecék lan olah TKP, selanjuté mayid korban digawa maring RSUD Bumiayu nggo dipriksa médis. Kancané korban ya langsung ngabari pihak kluwargané korban.
ADVERTISEMENT
“Seka hasil pemeriksaan tim médis ora ditemukna tanda-tanda kekerasan fisik. Sementara seka kluwargané ngerténi yén korban sadurungé wis nduwéni penyakit asma akut lan lambung,” jelasé
Jenazah korban wis dimakamna, lan pihak kluwarga nrima kedadénan kuwé lan ora papa yén ora di autopsi. (*)