Baliho Politikus Pating Tlékték nang Pinggir Dalan, Padahal Pilpres Ésih Suwé

Konten Media Partner
14 Agustus 2021 19:15 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Baliho bergambar Airlangga Hartanto di Jalur Pantura Brebes. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Baliho bergambar Airlangga Hartanto di Jalur Pantura Brebes. (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BREBES — Baliho sing gambaré pilitikus molai pating slebar lan ngebeki dalan-dalan nang Kabupatén Brebes. Padahal, Pilihan Presidén ésih telung taun maning, tepaté nang taun 2024 mengko.
ADVERTISEMENT
Nalika PanturaPost.com ngileng, baliho sing ukurané jumbo kuwé kepasang nang pirang-pirang titik jalur Pantura Brebes ngantikan Brebes Kidul.
Baliho-baliho kuwé nang antarané yakuwé politikus Puan Maharani (Ketua Déwan Pimpinan Pusat Partai PDI Perjuangan), Airlangga Hartanto (Ketua Partai Golkar), uga Ketua Umum Partai Kebangkitan Bangsa (PKb) Muhaimin Iskandar.
Malah, sindiran ngenani baliho politikus kuwé akhir-akhir kiyé ramé nang média sosial. Warga pada nyoroti alesan dipasangé baliho sing ukurané jumbo kuwé.
"Liyané lagi pada mikir bisa mangan apa ora gara-gara pageblug. Lah kiyé pada pamér rai. Jaré kaji Oma Irama T E R L A L U," tulisé akun Facebook, Wonk Pemali, ning Grup PEMALI BREBES 2, dina Kemis (12/8/2021).
"Hawa Pilpres 2024 wis krasa nang pirang daérah liwat baliho politisi. Baliho-baliho iyu dikritik soalé belih melas maring rakyat nang wayah pageblug," lanjuté Wonk Pemali nyambi nyertakna tautan portal berita sing judulé: 'Semerbak Pencitraan Pilpres 2024 di Masa Pandemi.'
ADVERTISEMENT
Unggahan kuwé langsung ditanggepi daning puluhan warganét. Salah sijiné sing duwé akun Verry Kurniawan.
"Démokrasi multipartai ongkos politik muahaal, dinasti politik merajaléla, kaderisasi partai belih jelas lan dominasi pemilih Indonesia sing kesané "kurang pinter".. sebuah kombinasi sing nyukeri #SoPathetic," tulisé.
Belih mung kuwé. Protés karo pemasangan baliho uga diunggah daning akun Facebook Brebes Watch nang Grup Fésbuker Brebes. Akun kuwé nyoroti pemasangan baliho nang wayah penerapan PPKM sing terus diperpanjang.
"Ironi Indonésia!! PPKM terus diperpanjang, kampanye menuju Pilpres 2024 wis dimolai. Jaréné, dhéwéké (élit politik) nyambut gawé lan berjuang nggo rakyat, nyatané dhéwéké luwih mikiri lomba billboard lan baliho menuju Pilpres 2024. Takon Keningapa? " tulisé Brebes Watch.
Sementara kuwé, Ketua DPD Golkar Brebes Teguh Wahid Turmudi ngakoni angger pihaké wis masang baliho sing gambaré Ketua Umum Partai Golkar Airlangga Hartato.
ADVERTISEMENT
"Iya pancén dhéwék nang kepengurusan Partai Golkar daérah nggo masang baliho Pak Airlangga Hartato. Soalé beliau saiki dadi mentri sing kinerjané berhasil lan apik. Mugané perlu dikenalna secara luas maring masarakat luas," omongé Teguh Wahid Turmudi.
Wong lanang sing uga dadi wakil Ketua DPRD Brebes kuwé ngakoni angger pemasangan baliho yakuwé bentuk sosialisasi nggo nganjatna éléktabilitasé Airlangga Hartato.
"Insyallah pak Airlangga Hartoto yakuwé figur kandidat kuwat calon persidén taun 2024 mengko," jaréné. (*)