Bangunan Wis Tua, Atap Balai Désa nang Brebes Ambrek

Konten Media Partner
13 November 2022 10:53 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Perangkat desa mbersihi  reruntuhan atap sing ambruk.
zoom-in-whitePerbesar
Perangkat desa mbersihi reruntuhan atap sing ambruk.
ADVERTISEMENT
BREBES – Atap bangunan Balai Désa Dukuhwringin, Kecamatan Wanasari, Kabupatén Brebes ambrek, dina Jemuah (11/11/2022) ésuk. Atap sing ambrek kuwé tepat neng nduwur ruang pertemuan lan pelayanan umum Pemdés Dukuhwringin. Akibaté, pelayanan dipindahna maring ruangan tunggu lan ruang polindés nggo sementara waktu.
ADVERTISEMENT
Sekretaris Désa Dukuhwringin, Heri Kurniawan ngomong, ambreké atap balaidésa kedadén sekitar jam setengah enem ésuk, wektu kantor ésih sepi. Wektu kuwé, mung ana petugas kebersihan sing wis ana neng lokasi. Untung baé petugas kuwé ora lagi neng ngisor bagian atap sing ambrek.
"Bar kedadénan, kabéh pegawai langsung nyong kerahna nggo ngamana arsip lan asét sing ana,” jaré Heri Kurniawan.
Ambreké atap Balaidésa Dukuhwringin, jaréné pancén merga kondisi bangunan sing wis tepoh. Sajegé 2021, dingerténi ana bagian atap sing wis kropos lan rangkané nganggo pring. Lewih-lewih saiki lagi mangsan udan gedhé sing nggawé bangunan tua kuwé rawan ambrek.
Untungé, ora ana korban jiwa neng kedadénan kuwé soalé kedadénané ésih durung manjing jam pelayanan. Nggo selanjuté, Pemerintah Désa Dukuhwringin pan mindahna pelayanan ruangan liyané sing ana neng sekitar Balaidésa. Ruangan polindés lan ruang tunggu kepaksa dimanfaatna nggo tempat pelayanan masarakat sementara.
ADVERTISEMENT
“Bangunan kiyé terakhir diréhab wis ana sekitar 15 taunan. Bangunan intiné wis umuré puluhan taun,” jelasé.
Dhéwéké njelasna, Kantor Pemdés Dukuhwringin pan pindah neng gedung anyar sing ana neng ngarep bangunan ambrek kuwé. Bangunan anyar kuwé énggal rampung lan gari ngenténi waktu nggo pindahan. Tapi durung sempet pindahan, atap bangunan lawas ambrek merga dipangan umur. Bangunan lawas kuwé sadurungé ambrek digunakna nggo aula.
“Rencanané taun ngarep uga aula kuwé pan diréhab nggo gedung serbaguna. Tapi merga wis pada kropos kena rayap, akhiré ambrek dhéwék,” jaréné.
Sementara kuwé, Camat Wanasari, Nurudin ngomong, dhéwéké ngerti kedadénan kuwé seka laporan kepala désa kono. Sawisé ambrek, para petugas langsung ngamana arsip utawa dokumén lan asét ndéké désa.
ADVERTISEMENT
Saliyané kuwé, petugas uga wis mbersihna puing-puing bangunan sing ambrek, ébén pelayanan maring masarakat ora keganggu.
“Rencanané pancén pan pindahan, soalé gedung anyar wis énggal dadi. Tapi merga faktor umur, atap bangunan lawas kuwé ambrek. Nggo pelayanan masarakat tetep jalan lancar,” jaré Nurudin. (*)