Kumparan Logo
Konten Media Partner

Bar Nabrak Motor karo Warung Ndog Asin, Trek nang Tegal Malah Kabur

PanturaPostverified-green

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical
Salah siji trek sing ditabrak daning trek sinh mlayu. (Foto Setyadi)
zoom-in-whitePerbesar
Salah siji trek sing ditabrak daning trek sinh mlayu. (Foto Setyadi)

TEGAL — Nang jalur pantura Dalan Cipto Mangunkusumo, Kelurahan Margadana, Kecamatan Margadana, Kota Tegal, wingi ana kecelakaan, dina Jemuah (23/4/2021).

Ana trek sing durung dingerténi idéntitasé nabrak motor G 6279 OQ sing keparkir nang pinggir dalan ngarep warung endog asin. Étalase endog asin nang ngarepé uga bodhol.

Ora mung kuwé tok, sadurungé mlayu utawa kabur maring arah kulon, trek kuwé uga nyénggol trek tronton box Hino A 9841 ZX.

"Trek mlayu seka arah wétan, dinyana ngantuk langsung nggléyang ngiwa nabrak motor sing parkir. Latané nabrak trek liyané lan mlayu," omongé warga sing arané Rahmat.

Bagian ngarep trek tronton box Hino A 9841 Zx uga bodhol sawisé disénggol trek sing mlayu kuwé.

Kapolsék Sumurpanggang Kompol K Lanus ngiyakna anané kedadénan laka lantas kuwé.

"Trek ora dikenal mlaku seka wétan mengulon nabrak grobak surung latané obah ngiwa nabrak motor sing di parkir nang pinggir dalan sewelah kiwa," omongé Lanus maring wartawan.

Lanus ngungkapna, trek kuwé uga nabrak étalase warung olih-olih endog asin. "Wayah mundur nengen nabrak bagian ngarep tritrek tronton Hino sing mlaku nang lajur tengen seka wétan," jaréné.

Trek kuwé trus kabur maring arah kulon, lan akhiré dikejar daning Polisi. Gara-gara kedadénan kuwé kenét trek tronton ngalami luka. Jalur Pantura seka arah wetan mengulon uga macét.

Laka korban jiwa neng kedadénan kuwé. Tapi tuna materiil diperkirakna tekan jutanan. Soalé saliyané mbodhol étalase olih-olih lan bagian ngarep trek tronton Hino, motor ndéké warga uga mélu ringsek. (*)