Bayi Umur Telung Taun nang Tegal kiyé Seneng Ngeploki Lemah Garing

Konten Media Partner
12 September 2021 14:58 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bocah cilik kiye seneng ngeplok lemah garing. (dok panturapost.com)
zoom-in-whitePerbesar
Bocah cilik kiye seneng ngeplok lemah garing. (dok panturapost.com)
ADVERTISEMENT
KOTA TEGALBayi umur telung taun, nang Kota Tegal sing huruf ngarepé VF kiyé bisa diomong nduwéni kebiasan anéh sing belih wajar lan belih pantes nggo ditiru.
ADVERTISEMENT
Sajegé umur rong taun, anak pasangan seka Carmo (50) lan Umrotun Khasanah (41) sing manggon nang RT 3, RW I Kelurahan Debong Lor, Kecamatan Tegal Barat, kiyé nduwéni kebiasaan ngeplok utawa mangan lemah.
Dinyana kebiasaan kuwé nyumul merga wong tuwané méh ora tau nukokna jajan soalé kegolong kluwarga sing ora mampu ékonominé.
"Sajegé molai bisa mlaku wis mangan lemah karo remukan-remukan témbok. Pas kuwé umuré rong taun," omongé Umrotun, maring wartawan, dina Saptu (11/9/2021).
Jaré Umrotun, anaké nduwéni kebiasaan mangan lemah lan puing remukan témbok sajegé umuré rong taun nganti saiki.
Dhéwéké kanda, awalé dhéwéké pertama pisan weruh anaké mangan lemah seka puing-puing témbok pas lagi neng njero umah.
"Pas kuwé dhéwéké katon lagi nggorak-nggorék nyambi mangan puing témbok umah sing ambrol. Pas kuwé lagi dolan dhéwék nyong tinggal masak," omongé Umrotun.
ADVERTISEMENT
Jaré Umrotun, belih mung neng njero umah, kebiasaan kuwé uga dilakokna pas neng njaba umah. "Angger dolan neng njaba umah, lemah sing dipangan. Jaréné énak. Akhiré tuman nganti saiki," jaréné.
Umrotun ngaku wis bolan-balén nglaruhi lan menging anaké ébén aja nglakoni tindakan kuwé maning. Tapi pas ora diawasi, anak keteluné kuwé kadang mbaléni tindakané mangan lemah garing. "Angger dipenging mesti nangis," jaréné.
Senajan kayong wis biasa mangan lemah, dudu berarti ora nduwéni risiko. VF uga kadang ngangluh lara weteng sawisé mangan lemah. "Tapi pancén durung pernah digawa maring dokter. Angger ngangluh paling nyong néin obat puyer," jaréné.
Umrotun dhéwék ngaku belih ngarti penyebab asliné, bisané anaké nduwéni kebiasaan kuwé. Senajan dhéwéké ngaku arang nukokna jajan nggo anaké merga dhéwéké ora nduwéni duwit sing cukup.
ADVERTISEMENT
"Ndéyan tah merga ora pernah ditukokna jajan. Mangan sega baé sa-kluwarga sadina bisané mung ping loro," omongé Umrotun.
Bojoné sing mung dadi tukang dandan éléktronik nang umahé ora nduwéni penghasilan sing cukup. Sementara dhéwéké mung dadi ibu rumah tangga. "Kadang angger ana wong teka dandan TV mbéké olih duwit. Biasané sepuluh éwu nganti selawé éwu," jaréné.
Senajan kegolong ora mampu, Umrotun ngaku durung pernah olih bantuan seka pemréntah.
"Babar blas durung pernah olih bantuan soalé ndéyan ora duwé KK. Anaké uga belih duwé akta kelahiran. Soalé pancén dhéwék nikah siri," pungkasé. (*)