Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.98.1
Konten Media Partner
BBM Mundak Wayah Rega Iwak Lagi Mlorod, Nelayan nang Tegal pada Kéder
7 September 2022 20:01 WIB
·
waktu baca 2 menit
ADVERTISEMENT
TEGAL - Mundaké rega BBM termasuk solar nggawé kondisi nelayan tradisional nang Kota Tegal tambah melasi mikirna nasib nggo nguripi kluwargané.
ADVERTISEMENT
Saliyané biaya nggo tuku solar sing nambah, hasil tangkepan iwak saiki lagi ora nentu merga anomali cuaca.
Durung maning rega iwak nang pasaran lagi mlorod. Hal kuwé tentu nggawé nelayan kangélan nggo nyukupi kebutuhan uripé.
Kaya sing disampékna Tobari (52), salah siji nelayan karo kapal 3 gross tonnage (GT) nang Kelurahan Muarareja, Kecamatan Tegal Barat, wektu ditemoni PanturaPost.com, dina Senén (5/9/2022) soré.
“Hasil mayang karo solar sing dituku wektu regané durung mundak olih Rp150 éwu. Dadi kéder, nggo tuku solar apa mangan, soalé kan rega solar beneran dadi mundak. Angger tuku solar, entong. Angger ora tuku solar, ora bisa mayang,” jaré Tobari.
Tobari ngungkapna, nggal dina, nggo sepisan mayang jam lima ésuk nganti jam rolas awan mbutuhn seorané 20 liter solar.
ADVERTISEMENT
Sedurungé rega BBM dimundakna pemerintah, dhéwéké ngetokna duwit Rp 120 éwu nggo tuku 20 liter solar karo rega Rp 6 éwu per liter neng tingkat écéran.
sedengé hasil iwak sepisan mayang ora nentu, kadang 2 kilogram (Kg) kadang uga 1 Kg. Rata-rata, seka hasil dodolan iwal mung olih Rp100 éwu – Rp 150 éwu.
“Saiki rega solar mundak ya malah ora olih apa. Justru tombok soalé rega iwak ora mélu mundak, malah justru lagi mlorod,” jaré Tobari.
Senajan susah, Tobari ora pan nyerah. Dhéwéké ngaku usaha terus nguripi kluwargané karo kondisi serba angél saiki.
Tobari kudu terus berjuang nggo nguripi bojo lan ketelu anaké sing ésih sekola.
“Ora ngerti mengko kepibén angger kondisiné ésih kaya kiyé baé. Tapi sing jelas tetep kudu mayang sepira baé hasilé,” pungkasé Tobari.
ADVERTISEMENT
Pada kaya nelayan liyané, Jahid (65) sing ngungkap nasib nelayan cilik tambah melasi gara-gara mundaké rega BBM. Jaréné, mangkat mayang neng wayah kaya saiki kaya kerja bakti.
“Kerja bakti ésih mending, bisa olih ponggol, angger solar larang ya ora olih untung. Hasilé entong nggo tuku solar,” jaré Jahid.
Séjén karo Tobari, Jahid milih ora mayang ndisit soalé kuwatir hasil iwaké ora bisa nutup biaya nggo sangu.
Dhéwéké lewih milih ngenténgna waktuné nggo ngecék kondisi kapal lan ndandani jaring. Sementara kebutuhan urip dipenuhi karo seanané.
“PAN mayang ésih mikir-mikir soalé nggo tuku solar paling ora Rp 150 éwu soalé kapal nganggo mesin loro. Sedengé iwak durung karuan olih,” pungkasé Jahid. (*)
ADVERTISEMENT