Kumparan Logo
Konten Media Partner

Boboté Mung 5 Kg, Bocah 2,8 Taun nang Brebes Digawa Maring Rumah Sakit

PanturaPostverified-green

·waktu baca 2 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical
Muhammad Salman Amrillah, balita 2,8 taun nang Brebes melas nemen nasibé.
zoom-in-whitePerbesar
Muhammad Salman Amrillah, balita 2,8 taun nang Brebes melas nemen nasibé.

BREBES – Muhammad Salman Amrillah, balita 2,8 taun nang Brebes melas nemen nasibé. Anak pertamané Ade Sunarto lan Siti Salamah, warga RT 02/RW 03 Désa Padakaton, Kecamatan Ketanggungan bobote mung 5 kilo.

Balita Salman kondisi keséhatané mrihatina lan mbutuhkan penanganan médis. Bocahé uga kurang aktif gerak.

Padahal waktu lairané boboté kuwé normal 3,5 kg. Tapi, pertumbuhan awaké kurang séhat wektu umur 7 wulan.

Merga seka kluwarga sing kalangan ora mampu, Salman dirawat neng umahé dhéwék daning kluwarga nganti awaké tambah cilik. Padahal bocah sepragéné normal bisa nganti 12 kg.

Karo kondisi lemah kaya kuwé, balita Salman akhiré dirujuk maring RSUD Brebes nggo dirawat, dina Slasa (1/11/2022).

Salman digawa karo mobil ndéké Anggota DPR RI Paramitha Widya Kusuma sing wektu kuwé nekani umahé Salman.

Sekda Brebes Djoko Gunawan ngomong, balita Salman dirujuk maring rumah sakit ébén dirawat daning tim médis RSUD Brebes. Harapané sing bersangkutan bisa mari.

“Soalé durung nduwéni kartu BPJS Keséhatan PBI, dadiné dhéwék masilitasi nggo ngurus SKTM-é seka pemerintah daérah. Lan uga mengko ana biaya seka mba Mita sing ngréwangi, sehingga bisa memperingan keluarga balita ini,” kata Djoko.

Jaréné, merga bapaké Salman sing ora nduwéni pegawéan tetep, Pemkab Brebes pan ngupayakna metung Baznas. Ébén olihna modal nggo dagang sadina-dina.

“Dadi kabéh pihak mélu gotong royong bareng. PKH uga lagi diajukan dadi mengko bocahé séhat kluwargané séhat. Termasuk kondisi umah sing ora layak huni, pan dhéwék pikirna bareng-bareng,” jaréné.

Sementara Anggota DPR RI Paramitha Widya kusuma, ngaprésiasi langkahé Pemkab Brebes sing tanggap nggo mékena bantuan keséhatan maring Salman.

“Dhéwék uga pan ngréwangi keuangan nggo kluwargané Salman sing nunggoni selama dirawat. Nggo réhab umah mengko ndéyan bisa seka dana désa, masarakat lan seka nyong pribadi,” jaré Paramitha.

Jaréné, sing paling penting saiki kondisi keséhatané balita kuwé bisa pulih lan kaya bocah seumurané. Dhéwéké ya ngarepna balita Salman bisa gagiyan ditambani lan dingerténi jenis penyakité supaya bisa mari.

“Muga-muga gagiyan dingerténi jenis penyakité apa. Supaya bisa ditangani lan diarepna mengkoné, Salman bisa dadi bocah sing séhat sing saleh lan cerdas, amin ya rabbalamin,” ungkapé.

Sementara kuwé, Ketua Fraksi PDIP Brebes M Rizki Ubaidilah ngomong, nggo penanganan keséhatané balita Salman pan diawasi terus nganti mari.

“Dhéwék pan ngawasi perkembangané balita Salman selama dirawat nang RSUD Brebes. Nggo kluwargané uga dhéwék fasilitasi metung Pemda utawané Mba Mitha nggo bisa kedaftar neng program pemerintah warga ora mampu,” jaré Rizki. (*)