Bocah Nom Telu nang Tegal Diserang Génk Motor, Malah Nganti Ana sing Diclurit

Konten Media Partner
1 Februari 2022 20:12 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Barang bukti clurit sing diamanna petugas seka tersangka penganiayaan.
zoom-in-whitePerbesar
Barang bukti clurit sing diamanna petugas seka tersangka penganiayaan.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
KOTA TEGAL — Jajaran Satreskrim Polres Tegal Kota nyekel telung pelaku sing nganiaya bocah nom telu. Telu korban dianiaya wayah nglinter nang Jalan Teuku Umar, Kelurahan Debong Tengah, Kecamatan Tegal Selatan, Kota Tegal, dina Ahad (16/1/2022).
ADVERTISEMENT
Rong tersangka Aditya Prayogi (19) lan Bagus Adi Saputra (19) mung temungkul pas ditekakna neng jumpa pérs nang Mapolres Tegal Kota, dina Senén (31/1/2022). Sedengé tersangka sijiné, yakuwé sing inisialé AF ora ditekakna soalé ésih bocah.
Sementara telu korban yakuwé Muhamad Albar Ardiansyah (16), warga Mundu, Kota Cirebon; Muhamad Deni Istiawan (16), warga Désa Grobog Wetan, Kecamatan Pangkah, Kabupatén Tegal; lan Muhamad Admin Febriansyah (17), warga Kelurahan Pekauman Kulon, Kecamatan Dukuhturi, Kabupatén Tegal.
Kedadénan awalé pas korban Muhammad Admin Febriansyah dijaluk tulung kakangé nggo tuku rokok. Korban ya akhiré lunga nggo tuku rokok bareng rong batiré numpak motor céngluan. Tapi, pas lagi nglinter nang Gili Gedhé Teuku Umar, Kota Tegal, ujug-ujug korban dipépét tersangka. Korban ya ditendang ngantikan tiba seka motor.
ADVERTISEMENT
"Telu korban kiyé dikantem lan ditendang. Malah ana sing diclurit daning pelaku," jaré Kapolres Tegal Kota, AKBP Rahmad Hidayat.
Ora let suwe, jaré Rahmad, warga lan polisi sing lagi patroli teka maring lokasi. Ngarti ana warga lan polisi teka, tersangka ya kabur. "Korban digawa maring RSUD Kardinah nggo diwéin pertolongan pertama lan mung rawat jalan," ungkapé.
Seka hasil pemeriksaan sing dilakoni daning petugas, tersangka nganiaya korban gara-gara ngira korban kuwé musuhé. Dingerténi tersangka yakuwé klompok génk motor kubu lor lan lagi musuhan karo klompok génk motor kubu kidul.
Saliyané ngamana tersangka, polisi ngamana barang bukti rupané clurit telu, sabuk, lan jaket siji. "Dhéwék jerat pasal 170 KUHP karo anceman ukuman 5 taun 6 wulan penjara," omongé.
ADVERTISEMENT
Tersangka Aditya Prayogi ngaku olih clurit seka hasil tuku onlén karo rega Rp 400 éwu. Clurit kuwé dimaha dituku nggo dienggo tawuran karo génk motor liyané. "Clurité ndéké nyong, tuku onlén. Nyong enggo nggo tawuran," jaréné. (*)