Cah Enom nang Brebes Kiye Ditangkep Gara-gara Malak Wong Nganggo Pistol-pistolan

Konten Media Partner
30 Juli 2022 19:45 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
M Lutfi, bocah enom seka Désa Losari Lor, Kecamatan Losari, Kabupatén Cirebon Jawa Barat, dicekel polisi nang Brebes, dina Kemis (28/7/2022).
zoom-in-whitePerbesar
M Lutfi, bocah enom seka Désa Losari Lor, Kecamatan Losari, Kabupatén Cirebon Jawa Barat, dicekel polisi nang Brebes, dina Kemis (28/7/2022).
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES – M Lutfi, bocah enom seka Désa Losari Lor, Kecamatan Losari, Kabupatén Cirebon Jawa Barat, dicekel polisi nang Brebes, dina Kemis (28/7/2022). Bocah umur 28 kuwé ditangkep gara-gara malak wong numpak motor lan ngaku-ngaku dadi polisi.
ADVERTISEMENT
Sadurungé dicekel, pelaku nembé baé nglakoni aksiné wektu malak wong lagi numpak motor sing nglinter nang sekitar Flyover Kersana ruas tol Pejagan-Pemalang. Wektu dicekel, pelaku ya ora bisa mungkir lan ngakoni perbuatané. Pelaku ya langsung digawa maring Mapolres Brebes.
Kapolsek Kersana Suratman AKP Suratman ngungkapna kronologi kedadénané. Wektu kuwé, rong pelaku sing njalakna motor, awalé ngintili korbané seka Jalur Pantura Cimohong Kecamatan Bulakamba. Seanjogé nang Jembatan Layang Kersana, motoré korban dipépét lan diadang mugané korbané mandeg.
“Pelaku ngaku dadi anggota Polsek Tanjung lan nodongna korék pistol maring arah korbané. Korban latané gemboran njaluk tulung warga lan sa pelaku bisa dicekel sementara batiré pada kabur,” jelasé.
Wektu digawa Tim Resmob Polres Brebes maring ruang Unit 1 Satreskrim, pelaku ngakoni nyamar dadi anggota polisi lan medén-medéni korbané karo pistol dolanan sing sabeneré yakuwé korék.
ADVERTISEMENT
“Pas nodongna pistol, nyong ngaku anggota Polsek Tanjung lan njaluk korban nggo nyerahna duit segedhé Rp 2 juta,” jaré M. Lutfi neng adepané penyidik.
Dhéwéké ngaku kepaksa malak soalé butuh duit. “Nyong konangan warga, batiré nyong kabut pas dioyok warga. Nyong pancén sengaja malak soalé butuh duit lan kiyé nembé pertama nyong nglakoni,” jelasé.
Saliyané pelaku, polisi uga ngamana barang bukti pistol korék lan motor loro ndéké korban.
“Nyong nyesel, ora pan ngulangi perbuatan kaya kiyé,” jaré cah enom sing saben dinané ngodé dadi pengamén kuwé. (*)